Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YUSAK 9:18 - Kitab Sutji

18 Wonge padha ora dipateni dening wong Israel, amarga wus padha tampa prajanjian saka para panggedhening umat klawan sumpah atas asmane Yehuwah, Gusti Allahe Israel. Wong saumat kabeh padha pating kedumel marang para panggedhe mau.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YUSAK 9:18
11 Iomraidhean Croise  

Nanging Sang Prabu ngowel marang Mefiboset bin Yonatan bin Saul, amarga saka supaose demi Sang Yehuwah antarane Prabu Dawud karo Pangeran Yonatan bin Saul.


kang nganggep asor marang kang ambek nistha, nanging ngajeni wong kang padha wedi asih marang Sang Yehuwah; kang ngantepi supatane, sanadyan kapitunan;


Awit kayadene jalarane ngimpi iku marga saka akehing pagawean, mangkono uga rembuge wong bodho iku iya marga saka akehe tembung-tembunge.


Amarga kayadene impen iku akeh, mangkono uga tetembungan kang tanpa paedah iku uga akeh. Nanging wedia marang Gusti Allah.


Samubarang kabeh iku padha bae tumrap wong kabeh; nasibe wong iku padha: wong mursid apa wong duraka, wong becik apa wong ala, wong kang resik apa wong kang jember, wong kang caos kurban apa kang ora caos kurban. Wong becik padha kaya wong dosa, wong kang supata padha kaya wong kang wedi sumpah.


Balik manawa wong wadon kang nglairake punagi marang Sang Yehuwah, iku kawengku ing kasaguhane ing bab sawijining prakara ana ing omahe bapakne, yaiku sajrone isih prawan.


Nanging manawa kowe ora nglairake punagi, iku kowe ora bakal nandhang dosa.


Apa kang kawetu saka ing lambemu, iku tetepana kalawan setya, amarga kalawan manasuka anggonmu nglairake nadar ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, bab kang wus kokucapake kalawan cangkemmu dhewe.”


“Manawa kowe liwat ing pakebonan anggur duweke pepadhamu kowe kena mangan wohe anggur sawaregmu, mung bae aja koklebokake ing wadhahmu.


Amarga bareng wong Israel wus padha budhalan, ing telung dinane padha tekan ing kutha-kuthane wong-wong mau; dene kuthane yaiku: Gibeon, Kefira, Beerot lan Kiryat-Yearim.


Sakehe para panggedhe padha mituturi wong saumat kabeh: “Aku wus padha prajanji marang para wong iku klawan sumpah atas asmane Sang Yehuwah, Gusti Allahe Israel, saiki aku padha ora kena ngarubiru wong iku.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan