17 Amarga bareng wong Israel wus padha budhalan, ing telung dinane padha tekan ing kutha-kuthane wong-wong mau; dene kuthane yaiku: Gibeon, Kefira, Beerot lan Kiryat-Yearim.
Putrane Sang Prabu Saul kagungan tetindhihing grombolan loro, kang siji jenenge Baana lan sijine Rekhab, sakarone anake Rimon, wong Benyamin saka ing Beerot. Amarga Beerot iku uga kaetung klebu tlatah Benyamin.
Sang Yismaya, wong Gibeon, sawijining gegedhug ing antarane wong telung puluh kasebut ing ngarep, kang manggedheni wong telung puluh; Sang Yirmiya, Yehaziel, Yohanan lan Sang Yozabad, wong Gedera;
Ing kala semana uga ana sawijining wong maneh kang meca atas asmane Sang Yehuwha, yaiku Nabi Uria bin Semaya, saka ing Kiryat-Yearim. Panjenengane meca bab kutha lan nagara iki, padha kaya kang dipangandikakake Nabi Yeremia.
temah wong padha wedi banget, amarga Gibeon iku kutha kang gedhe, kaya salah sawijining kutha karajan, malah luwih gedhe katimbang kutha Ai, sarta wong kabeh padha prawira.
Saka ing pucake gunung mau watese mlengkung menyang ing sendhang Me-Neftoakh lan banjur tutug ing kutha-kuthane pagunungan Efron, saka ing kono mlengkung menyang ing Baala, iya iku ing Kiryat-Yearim.
watese mau banjur mlengkung, nuli menggok saka ing pagunungan ing sisih kanane Bet-Horon ing sisih kidul banjur menggok ngidul ngulon anjog ing Kiryat-Baal, yaiku ing Kiryat-Yearim, kutha darbeke bani Yehuda. Iku kang sisih kulon.
Nanging sawise oleh telung dina anggone padha gawe prajanjian karo wong-wong iku mau, tumuli padha krungu warta, yen wong-wong iku padha manggon ana ing cedhakan bae, malah padha manggon ana ing satengahe.
Wonge padha ora dipateni dening wong Israel, amarga wus padha tampa prajanjian saka para panggedhening umat klawan sumpah atas asmane Yehuwah, Gusti Allahe Israel. Wong saumat kabeh padha pating kedumel marang para panggedhe mau.
Atur wangsulane: “Para abdi panjenengan punika dhateng saking tanah ingkang tebih sanget, awit saking asmanipun Yehuwah, Gusti Allah panjenengan; amargi kula sampun sami mireng wartosipun, inggih samukawis ingkang sampun dipun tindakaken wonten ing tanah Mesir,
Banjur padha mangkat lan tumuli makuwon ana ing sacedhake. Kiryat-Yearim ing tanah Yehuda. Mulane panggonan kono iku nganti saprene karan Mahane-Dhan; prenahe ana ing sakulone Kiryat-Yearim.
Tumuli padha kongkonan marani wong ing Kiryat-Yearim karo diweling mangkene: “Para wong Filisti wis ngulihake pethine Sang Yehuwah; padha tekaa lan pethine gawanen menyang panggonanmu.”
Para wong ing Kiryat-Yearim banjur padha teka, marani pethine Sang Yehuwah iku lan diusung menyang ing omahe Abinadab kang ana ing tetengger. Lan Eleazar anake disucekake, supaya ngreksa pethine Sang Yehuwah iku.