Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YUSAK 9:15 - Kitab Sutji

15 Senapati Yusak banjur memitran karo para wong iku mau sarta damel prajanjian manawa bakal padha diuripi, malah para panggedhene padha prajanji klawan sumpah.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YUSAK 9:15
10 Iomraidhean Croise  

Sang Prabu banjur nimbali wong-wong Gibeon sarta dipangandikani: – wong Gibeon iku ora padha kagolong bangsa Israel, nanging klebu kekarene bangsa Amori, mangka wong Israel wus padha prajanji klawan supata, ewadene Sang Prabu Saul marga saka mempenge anggone tumindak kanggo wong Israel lan wong Yehuda banjur ngudi sirnane wong-wong mau. –


Sira aja gawe prajanjian karo wong iku utawa karo allahe.


Bareng Prabu Adhoni-Zedhek, ratu ing Yerusalem midhanget pawarta manawa Senapati Yusak wus mbedhah lan nyirnakake kutha Ai, sarta apa kang katandhukake marang kutha Yerikho lan ratune, uga kaetrapake marang kutha Ai lan ratune lan manawa wong ing kutha Gibeon wus padha nganakake prajanjian memitran karo wong Israel lan manggon ana ing satengahe,


“Panjenengan sami kula aturi rawuh lan mbiyantu kula, sumangga sami nggecak Gibeon, amargi sampun memitran kaliyan Yusak lan bangsa Israel.”


Ora ana nagara siji-sijia kang nganakake prajanjian memitran karo wong Israel, kajaba mung para wong Hewi kang ana ing Gibeon; kabeh padha dirayud sarana perang.


Nanging sawise oleh telung dina anggone padha gawe prajanjian karo wong-wong iku mau, tumuli padha krungu warta, yen wong-wong iku padha manggon ana ing cedhakan bae, malah padha manggon ana ing satengahe.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan