Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YUSAK 9:14 - Kitab Sutji

14 Wong Israel tumuli padha njupuk sangune wong-wong mau, nanging padha ora nyuwun putusan marang Sang Yehuwah.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YUSAK 9:14
17 Iomraidhean Croise  

Sang Dawud banjur munjuk pitakon marang Pangeran Yehuwah, ature: “Kawula punapa Paduka karsakaken bidhal dhateng salah satunggaling kitha ing Yehuda?” Pangandikane Sang Yehuwah: “Mangkata!” Senapati Dawud nuli matur: “Kawula kadhawuhan dhateng pundi?” Pangandikane Sang Yehuwah: “Menyanga ing Hebron!”


Sang Prabu Dawud neges marang Sang Yehuwah: “Kawula punapa Paduka karsakaken mangsah perang nglawan tiyang Filisti punika? Punapa tiyang-tiyang punika badhe Paduka ulungaken dhateng ing tangan kawula?” Paring wangsulane Sang Yehuwah marang Prabu Dawud: “Majua perang, amarga Ingsun bakal ngulungake wong iku marang ing tanganira.”


Aku tumuli ngundhangake puwasa ana ing pinggire kali Ahawa kono, kareben aku padha ngesorake dhiri ana ing ngarsane Gusti Allah kita sarta nyuwun slameting lakuku marang Panjenengane tumrap aku kabeh, anak-anakku apadene tumrap sabarang darbekku kabeh.


Lan ana ing tutup dhadha piranti kanggo nibakake keputusan iku sira pasangana Urim lan Tumim, ana ing sadhuwure jantunge Harun samangsa lumebu seba ing ngarsaning Yehuwah; mangkono Harun anggone tansah ngemban karampungane keputusan tumrap wong Israel, ana ing sadhuwure atine ana ing ngarsaning Sang Yehuwah.


Yusak iku ngadega ana ing ngarepe Imam Eleazar, dene Eleazar iku negesa marang putusaning Urim tumrap dheweke ana ing ngarsaning Yehuwah. Wong-wong anggone padha metu marga saka dhawuhe lan marga saka dhawuhe uga anggone lumebu, dheweke dalah sakehe wong Israel, iya sapepake umat iku kabeh.”


Dene manawa panunggalanmu ana kang kekurangan kawicaksanan, iku nyuwuna marang Gusti Allah, kang maringi marang sakabehing wong kanthi eklas, ora kanthi ngundhat-undhat, sarta bab iku bakal kaparingake marang dheweke.


Lah punika impes wadhah anggur, punika kala kula iseni sami taksih enggal, mangga sapunika kapirsanana sampun sami bedhah, makaten ugi sandhangan kaliyan trumpah kula punika ugi sami sampun awon, jalaran saking lelampah ingkang tebih punika.”


Sasedane Rama Yusak wong Israel tumuli padha neges marang Sang Yehuwah: “Panunggilan kawula sinten ingkang kedah ngrumiyini nglurug perang nglawan bangsa Kanaan?”


Wong Israel banjur padha mangkat sarta lumaku menyang ing Betel. Ana ing kono padha neges marang Gusti Allah, unjuke: “Sinten panunggilan kawula ingkang miwiti mangsah perang nglawan bani Benyamin?” Dhawuhe Sang Yehuwah: “Suku Yehuda kang miwitana dhisik!”


lan nalika iku Pinehas bin Eleazar, bin Harun dadi imaming Allah – unjuke: “Punapa kawula kedah mangsah perang malih nglawan sadherek kawula bani Benyamin punika, punapa kedah kawula kendeli?” Dhawuhe Sang Yehuwah: “Padha mangsaha, amarga sesuk bakal Sunulungake ing tanganira.”


Piyambakipun neges dhateng Sang Yehuwah kangge Dawud lan nyangoni piyambakipun: ugi pedhangipun Goliat, tiyang Filisti punika dipun sukakaken.”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan