YUSAK 9:11 - Kitab Sutji11 Milanipun para sesepuh kula kaliyan sakathahipun tiyang ing tanah kula sami meling dhateng kula, makaten: Padha nggawaa sangu kanggo ana ing dedalan lan padha methukna bangsa iku sarta padha matura: Kawula sami dados abdi panjenengan, mugi karsaa damel prajanjian kaliyan kula. Faic an caibideil |
Awit saka iku panggedhening kraton lan panggedhening kutha, lan uga para pinituwa sarta para pamomong padha kongkonan munjuk marang Sang Prabu Yehu: “Kawula sadaya punika abdi dalem sarta sadaya dhawuh dalem badhe sami kawula lampahi. Kawula boten sami badhe njumenengaken sinten kemawon dados ratu. Sumangga, panjenengan dalem karsaa nindakaken punapa ingkang kagalih prayogi.”
Mangkono uga ing sawiji-wijining kutha lan dhaerah, ngendi bae kang katekan dhawuh undhang-undhanging Sang Prabu mau, wonge Yahudi padha bungah-bungah lan sukarena, padha nganakake pista lan riyaya; apadene panunggalane bangsa ing nagara kono akeh kang padha manjing Yahudi, amarga padha wedi marang wong Yahudi.