Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YUSAK 9:10 - Kitab Sutji

10 saha samukawis ingkang katandukaken dhateng ratunipun bangsa Amori kekalih ingkang wonten ing sabrangipun benawi Yarden, Sang Prabu Sihon, ratu ing Hesybon kaliyan Sang Prabu Og, ratu ing nagari Basan, ingkang akedhaton wonten ing Asytarot.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YUSAK 9:10
13 Iomraidhean Croise  

nalika nyandhak patbelas taune, Sang Prabu Kedorlaomer karo para raja kang mbiyantu padha nggecak bangsa Refaim ing Asyterot-Karnaim, bangsa Zuzim ing Ham, bangsa Enim ing Syawe-Kiryataim


Para turune Gerson tampa saka saparone suku Manasye: Golan kang ana ing Basan dalah pangonan-pangonane banjur Asytarot dalah pangonan-pangonane;


Sawuse iku Nabi Musa banjur ngintunake utusan saka Kadesy menyang ing ngarsane raja ing Edom, piwelinge: “Sadherek dalem Israel gadhah atur makaten: Paduka mirsa sakathahing kasisahan ingkang tumempuh dhateng kawula sadaya,


sawuse nggecak marang Prabu Sihon, ratune bangsa Amori, kang akedhaton ana ing Hesybon, lan marang Prabu Og, ratu ing Basan, kang akedhaton ana ing Asytarot, ing sacedhake Edrei.


Nanging Prabu Sihon, ratu ing Hesybon, iku ora nglilani kita padha ngliwati tanahe, marga diwangkotake budine lan dipuguhake panggalihe dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, awit karsane arep ngulungake nagara iku marang tanganmu, kaya kang kelakon ing saiki iki.


Banjur tlatahe Prabu Og, ratu ing Basan, panunggalane wong Refaim, ratu iki akedhaton ana ing Asytarot lan ing Edrei,


sabanjure saparone tanah Gilead, Asytarot lan Edrei, kutha-kuthane krajane Prabu Og ing Basan, iku dadi pandumane bani Makhir, putrane Rama Manasye, yaiku pandumane separone bani Makhir miturut gotrah-gotrahe.


amargi kula sampun sami mireng wartos bab anggenipun Sang Yehuwah ngasataken toyanipun seganten Teberau wonten ing ngarsa panjenengan, nalika panjenengan tindak medal saking tanah Mesir, punapa dene pandamel panjenengan dhateng ratunipun bangsa Amori kekalih ingkang wonten ing sabrangipun benawi Yarden, inggih punika Prabu Sihon lan Prabu Og, ingkang sampun panjenengan tumpes.


sarta kandha: “Kula sumerep, bilih Sang Yehuwah sampun maringaken tanah punika dhateng panjenengan, sarta kula sami kataman giris margi saking panjenengan, punapa dene sakathahing tiyang pribumi ing ngriki sami gumeter wonten ing ngarsa panjenengan,


Milanipun para sesepuh kula kaliyan sakathahipun tiyang ing tanah kula sami meling dhateng kula, makaten: Padha nggawaa sangu kanggo ana ing dedalan lan padha methukna bangsa iku sarta padha matura: Kawula sami dados abdi panjenengan, mugi karsaa damel prajanjian kaliyan kula.


Atur wangsulane: “Para abdi panjenengan punika dhateng saking tanah ingkang tebih sanget, awit saking asmanipun Yehuwah, Gusti Allah panjenengan; amargi kula sampun sami mireng wartosipun, inggih samukawis ingkang sampun dipun tindakaken wonten ing tanah Mesir,


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan