YUSAK 9:1 - Kitab Sutji1 Bareng bab iku kapireng dening para ratu kang ana ing sakulone bengawan Yarden, ing pagunungan, ing tanah ngare lan ing sauruting pesisire segara Gedhe tumeka ing sisih kanane gunung Libanon, yaiku ratune bangsa Het, bangsa Amori, bangsa Kanaan, bangsa Feris, bangsa Hewi lan bangsa Yebus, Faic an caibideil |
“Samangsa Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, wus ngirid kowe lumebu ing tanah kang kokparani lan bakal kokejegi, sarta wus nundhungi bangsa pirang-pirang saka ing ngarepmu, yaiku wong Het, wong Girgasi, wong Amori, wong Kanaan, wong Feris, wong Hewi lan wong Yebus, bangsa pitu kang cacahe lan kekuwatane ngungkuli kowe,
nganti para sedulurmu iku iya padha kaparingan katentreman kaya kowe kabeh sarta iya ngenggoni nagara, kang bakal kaparingake dening Sang Yehuwah Gusti Allahmu. Sawuse mangkono kowe padha balia menyang ing nagaramu dhewe lan ngenggoni nagara kang diparingake dening Nabi Musa, abdine Sang Yehuwah ana ing sabrange bengawan Yarden ing papan pletheking srengenge.”
Anadene mungguh talere Manasye kang separo iku wus padha diparingi panduman dening Nabi Musa ana ing tanah Basan; dene separone wus diparingi panduman dening Senapati Yusak ana ing antarane para sadulure ing sakulone bengawan Yarden. Iku wus uga dililani mulih menyang ing kemahe dening Senapati Yusak kalawan padha disangoni berkah,
Bareng sakehe para ratune bangsa Amori kang ana ing sakulone bengawan Yarden lan sakehe ratune bangsa kang ana ing pinggir sagara, padha mireng pawartane Sang Yehuwah anggone ngasatake banyune bengawan Yarden ana ing ngarepe wong Israel, nganti sarampunge anggone nyabrang, panggalihe temah padha lemes lan ilang semangate ana ing ngarepe wong Israel.