Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YUSAK 8:9 - Kitab Sutji

9 Kaya mangkono dhawuhe Sang Yusak marang wong-wong mau, banjur padha mangkat menyang pandhelikane ana ing antarane kutha Betel lan Ai, ing sakulone kutha Ai. Nanging ing wayah bengi iku Senapati Yusak nyare ana ing satengahe rakyat.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YUSAK 8:9
9 Iomraidhean Croise  

Saka kono pindhah menyang ing pagunungan sawetane Betel, sarta ngadegake tarub ana ing saantarane Betel kang kaprenah ing kulone, lan Ai ing wetane; ana ing kono nuli yasa misbyah konjuk marang Sang Yehuwah, lan ngluhurake asmane.


Dadine atur-atur mau diaturake dhisik, nanging Yakub dhewe ing sawengi iku isih kari nginep ing tarube.


saka ing Betel lan Ai: rong atus telulikur;


wong ing Betel lan ing Ai: satus telulikur;


Kacarita Sang Senapati Yusak utusan wong saka ing Yerikho menyang ing Ai, kang kaprenah ana ing sacedhake Bet-Awen, ing sawetane Betel, wong-wong mau padha diweling mangkene: “Padha mangkata mrana, negara iku teliken.”


Esuke ing wayah bangun Sang Yusak wungu, nuli mriksa barisaning rakyat, sarta banjur bidhal menyang ing kutha Ai, kadherekake dening para tetuwane Israel, tindake ana ing ngarepe wadyabala.


Sang Senapati Yusak wus mundhut bala watara limang ewu kang padha didhawuhi baris pendhem ana ing antarane kutha Betel lan Ai, ing sakulone kutha.


Dene sawise kuthane kokrayut, banjur obongen; kabeh iku padha tindakna ngetrepi dhawuhe Pangeran Yehuwah; gatekna, iku prentahku marang kowe.”


Yaiku mitra-mitrane kang ana ing Betel, ing Ramot ing Tanah Kidul, ing Yatir,


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan