Pangeran Absalom banjur mrentahi marang para abdine mangkene: “Padha diawas! Manawa Amnon wis gambira marga saka sumuking anggur lan aku ngabani marang kowe: Amnon tempuhen, wong iku patenana. Aja wedi. Rak aku kang dhawuh marang kowe? diteteg atimu lan ngatokna gagah prakosamu.”
Nanging kutha-kuthane bangsa-bangsa kang diparingake dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, marang kowe minangka tanah-pusakamu, iku sakehe kang mawa ambekan aja ana kang kokuripi,
Wong mau tumuli padha matur marang Senapati Yusak, mangkene: “Punapa sadhawuh panjenengan dhateng kula, badhe kula estokaken sarta dhateng pundi-pundia kemawon anggen panjenengan badhe ngutus, kula badhe sami mangkat.
Ingsun rak wus dhawuh marang sira: disantosa lan diteguh? Aja giris lan semplah, amarga Pangeran Yehuwah, Allahira nunggil karo sira ing saparanparanira.”
Nanging kuthane dalah saisine kabeh tumuli diobong ing geni, mung kang arupa selaka lan mas tuwin piranti tembaga lan wesi iku padha dilebokake ing pasimpenaning rajabrana ing padalemane Pangeran Yehuwah.
Dene carane mapagake bala iku mangkene: balane kabeh ana ing salore kutha lan barise pendhem ana ing sakulone kutha. Ing wayah bengi iku Sang Yusak lumampah miyos ing lebak kono.
Kutha Ai dalah saratune iku padha sira patrapana kaya dene kang wus sira trapake marang kutha Yerikho lan ratune, mung barang-barange lan rajakayane iku kena sira jarah. Sira barisa pendhem ana ing pungkurane kutha.”
Apamaneh wong Israel liyane uga padha metu saka kutha melu nggecak wong-wong Ai, temah padha kecepit ana ing satengahe wong Israel, sing iki saka ing kene, sing kae saka ing kana, banjur padha dipateni, nganti wus ora ana siji-sijia kang oncat utawa luwar.
Kaya mangkono dhawuhe Sang Yusak marang wong-wong mau, banjur padha mangkat menyang pandhelikane ana ing antarane kutha Betel lan Ai, ing sakulone kutha Ai. Nanging ing wayah bengi iku Senapati Yusak nyare ana ing satengahe rakyat.
Ibu Dhebora utusan nimbali Sang Barak bin Abinoam saka ing Kedesy ing wewengkon Naftali, nuli dipangandikani: “Apa kowe ora didhawuhi Sang Yehuwah Gusti Allahe Israel: Sira lungaa nglurug menyang ing gunung Tabor nggawa bala sepuluh ewu panunggalane wong bani Naftali lan wong bani Zebulon.