Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YUSAK 8:7 - Kitab Sutji

7 kowe tumuli padha menyata saka ing pandhelikanmu, kuthane brokana. Pangeran Yehuwah Gusti Allahmu mesthi bakal ngulungake marang ing tanganmu.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YUSAK 8:7
6 Iomraidhean Croise  

Kacarita Senapati Naaman, panggedhening wadya-balane ratu ing Aram, iku sawijining priyagung kang kajen banget ana ing ngarsane gustine sarta banget anggone ditresnani, awit marga saka priyagung iku Sang Yehuwah wus paring kaunggulan marang wong Aram. Nanging priyagung kang prawira ing perang iku nandhang gerah kusta.


Sawuse mangkono Sang Yehuwah ngandika marang Senapati Yusak: “Sira aja wedi lan semplah atinira, sakehe bala gawanen, tumuli samektaa, ngluruga menyang ing kutha Ai. Kawruhana, ratu ing Ai dalah para kawulane, kuthane lan nagarane padha Sunulungake ing tanganira.


Dadi wong-wong iku bakal padha metoni ngoyak aku kabeh, temah bakal dakpancing nganti adoh saka ing kutha, ujer bakal duwe pangucap: Wonge padha keplayu saka ing ngarep kita kaya sing uwis. Dene manawa aku padha lumayu saka ing ngarepe,


Dene sawise kuthane kokrayut, banjur obongen; kabeh iku padha tindakna ngetrepi dhawuhe Pangeran Yehuwah; gatekna, iku prentahku marang kowe.”


Sang Dawud banjur neges maneh marang Sang Yehuwah, dene Sang Yehuwah paring wangsulan mangkene: “Samektaa, mangkata menyang Kehila, amarga Ingsun bakal masrahake wong Filisti marang ing tanganira.”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan