5 Dene aku lan sakehe bala kang ndherek aku bakal padha nyedhaki kuthane, nuli samangsa wonge padha metu methukake aku kabeh kaya kang dhingin, aku bakal padha lumayu saka ing ngarepe.
Amarga wong Ai padha oleh pepati panunggalane wong iku mau watara telung puluh nenem; wong Israel dioyak wiwit saka ing ngarepe gapuraning kutha nganti tutug ing Syebarim, anggone padha nggecak ana ing ereng-ereng. Atine para umat dadi pepes.
Dadi wong-wong iku bakal padha metoni ngoyak aku kabeh, temah bakal dakpancing nganti adoh saka ing kutha, ujer bakal duwe pangucap: Wonge padha keplayu saka ing ngarep kita kaya sing uwis. Dene manawa aku padha lumayu saka ing ngarepe,