Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YUSAK 8:4 - Kitab Sutji

4 sarta padha didhawuhi mangkene: “Kawruhana kowe padha barisa pendhem ana ing pungkurane kutha lan nempuh kutha iku, aja nganti kadohan saka ing kutha sarta kabeh padha siyagaa.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YUSAK 8:4
14 Iomraidhean Croise  

Sanadyan isih bengi, Sang Nata uga nuli wungu lan ngandika marang para punggawane: “Sira padha dakpituturi, apa karepe wong Aram iku tumrap kita. Wong iku padha sumurup, manawa kita iki padha nandhang kaluwen, mulane padha metu saka ing pakuwone lan padha ndhelik ana ing teba kalawan mikir: Manawa wong Israel metu saka ing kutha, bakal padha dakcekel urip-uripan, aku nuli padha lumebu ing kutha.”


Nanging Sang Prabu Yerobeam banjur ngintunake wadya-bala pendhem, kang kadhawuhan lumaku mubeng nganti tekan ing saburine wadya-bala Yehuda, dadine wadya-bala kang baku ana ing ngarepe Yehuda lan bala pendhem ana ing burine.


Kawicaksanan iku aweh kakuwatan marang kang nduweni, ngluwihi wong sapuluh kang padha nyekel pangwasa ing sajroning kutha.


Mulane aku kandha: “Kawicaksanan iku luwih becik tinimbang karo kasantosan, ewadene kawicaksanane wong mlarat diremehake lan tembunge ora dirungokake dening wong.”


Nanging panjenengan sampun ngantos midhangetaken tiyang-tiyang wau, amargi wonten panunggilanipun ingkang cacahipun langkung saking kawan dasa, ingkang sampun mirantos badhe nyegat piyambakipun. Tiyang-tiyang wau sampun sami sumpah kalayan nyupaosi badanipun piyambak boten badhe nedha saha ngombe saderengipun mejahi piyambakipun. Sapunika sampun sami mirantos, kantun ngentosi putusan panjenengan.”


Mulane sakehe wong kang ana ing jero kutha padha dikerigake lan padha ngoyak wong Israel; tumuli padha ngoyak Sang Yusak, nganti saya adoh anggone kapancing saka ing kutha.


Senapati Yusak tumuli siyaga dalah sakehe wadyabala, arep nglurug menyang kutha Ai, Sang Yusak milih wong telung puluh ewu, pahlawan-pahlawan kang gagah prakosa, iku padha dilakokake ing wayah bengi;


Wong Israel banjur pacak baris pendhem ana ing sakubenge Gibea.


Wong Israel dadine banjur padha mingser saka ing panggonane, nata gelar ana ing Baal-Tamar, dene bala pendhem Israel dumadakan padha metu saka ing papane, yaiku papan blak-blakan ing sacedhake Gibea,


Wong bani Benyamin padha weruh, yen wus kalah. Dene bala Israel padha rada mundur ana ing sangarepe suku Benyamin – sabab padha ngendelake baris pendhem kang wus pacak baris arep nempuh Gibea –.


Amarga wong ing kutha Sikhem iku padha mapanake wong kang ngadhang panjenengane ana ing perenging gunung sarta padha mbegali sapa kang liwat metu ing dalan kono. Prakara iku kawartakake marang Sang Abimelekh.


Ingkang punika sumangga panjenengan dalem kawula aturi jengkar ing wanci dalu, inggih panjenengan dalem dalah rakyat ingkang ndherekaken panjenengan dalem, saha kawula aturi nyegat wonten ing pategilan.


Makaten pangandikanipun Sang Yehuwah, Gustining sarwa dumadi: Ingsun arsa males ukum marang bangsa Amalek, tumrap apa kang ditindakake marang wong Israel, yaiku anggone wong Amalek ngalang-alangi bangsa Israel, nalika lunga saka ing tanah Mesir.


Bareng Sang Prabu Saul wus rawuh ing kuthane wong Amalek nuli ndhawuhi para wadyabala supaya nyegat ing lebak.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan