Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YUSAK 8:35 - Kitab Sutji

35 Kabeh kang wus kaprentahake dening Nabi Musa ora ana satembung bae kang ora diwaos dening Senapati Yusak ana ing ngarepe pasamuwane Israel kabeh, sarta ing ngarepe para wong wadon lan bocah-bocah, tuwin bangsa ngamanca kang padha melu ing lakune.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YUSAK 8:35
15 Iomraidhean Croise  

Nalika Imam Ezra ndedonga lan ngakoni lepat klawan muwun lan nggloso ana ing ngarepane padalemaning Allah, ana golongane wong Israel kang luwih dening akeh cacahe kang padha nglumpuk ana ing ngarsane, wong lanang lan wong wadon, dalah bocah-bocah sarta padha nangis kalawan sora.


nuli wong sabangsa kabeh padha sarujuk nglumpuk ana ing plataran sangareping gapura Banyu. Panyuwune marang Imam Ezra ahli kitab, supaya mundhut kitabe Toret Nabi Musa, yaiku kitab angger-angger kang wus kadhawuhake Sang Yehuwah marang Israel.


Ing tanggal sapisan sasi kapitu Imam Ezra banjur ngasta kitab Toret mau menyang ing ngarepe pasamuwan, yaiku pakumpulane wong lanang wadon tuwin sakehe wong kang bisa nampani.


Lan uga ana wong bangsa liya warna-warna kang padha melu, mangkono uga wedhus lan sapi akeh banget.


Mangkene pangandikane Sang Yehuwah: “Sira ngadega ana ing plataraning padalemane Sang Yehuwah, ana ing kono para wong ing sakehe kutha ing Yehuda, kang arep munggah sembahyang ana ing padalemane Sang Yehuwah, padha sira pratelanana sakehing pangandikaningSun marang sira, tumrap wong iku. Aja sira kurangi satembung bae!


Bangsa iki klumpukna, pasamuwane sucekna, nglumpukna para pinituwa, dalah para bocah pasuson pisan, panganten lanang supaya metu saka ing kamare, lan panganten wadon saka ing kamar paturone.


Pangeran Yehuwah Gustine sarwa dumadi ngandika mangkene: “Ing wektu iku ana wong sapuluh panunggalane para bangsa lan basa warna-warna, padha nggondheli pojoking jubahe wong Yahudi siji kalawan kenceng sarta ngucap: Kula sami badhe tumut panjenengan sadaya, margi kula sami mireng, bilih panjenengan sami tinunggil dening Gusti Allah!”


Bareng Gusti Yesus mirsa, Panjenengane duka, sarta para sakabat padha dipangandikani mangkene: “Cikben bocah-bocah padha sowan marang Aku, aja kokpenggak, amarga wong kang kaya mangkono iku kang nduweni Kratoning Allah.


Sabab aku ora nglirwakake ing bab martakake karsaning Allah kabeh marang kowe.


Nanging bareng wis kliwat wektune, aku banjur padha mangkat mbanjurake lakuku. Para siswa saanak bojone padha nguntapake aku nganti tekan ing jaban kutha; ana ing gisik aku padha jengkeng ndedonga.


Ing dina iki kowe kabeh padha ngadeg ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, para panggedhene talermu, para tuwa-tuwamu lan para tetindhihing wadya-balamu lan sakehe wong lanang ing Israel,


anak-anakmu, somahmu lan bangsa liya kang ana ing pakemahanmu, dalasan para tukang nyigari kayu lan tukang nimba;


Mulane kowe padha nglakonana pangandikaning prasetyan iki kanthi tumemen, supaya kowe padha bisa oleh kabegjan ing sabarang kang koklakoni.


Wong sabangsa kabeh padha klumpukna, lanang-wadon dalah bocah-bocah, apadene wong bangsa liya kang manggon ana ing antaramu, supaya iku padha krungua, lan padha sinaua wedi-asih marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, sarta kanthi tumemen padha nglakoni sakehe pangandikane angger-anggere Toret iki.


Pitutur kang dakprentahake marang kowe iki aja padha kokwuwuhi lan iya aja kokkurangi, supaya kowe padha nggatekna pepakene Sang Yehuwah, Gusti Allahmu kang dakprentahake marang kowe.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan