Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YUSAK 8:33 - Kitab Sutji

33 Wong Israel kabeh, para tetuwane, para tetindhihe wadyabala lan para hakime padha ngadeg ana ing sakiwa-tengening pethi, adu arep karo para imam kang pancen saka suku Lewi kang ngusung pethi prasetyaning Sang Yehuwah, iya wong ngamanca iya wong pribumi, salong madhep marang gunung Gerizim, salong madhep marang gunung Ebal kaya kang biyen didhawuhake dening Nabi Musa, abdining Sang Yehuwah, manawa wong mberkahi bangsa Israel.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YUSAK 8:33
22 Iomraidhean Croise  

Mung ana pranatan siji kanggo wong asli lan wong bangsa liya kang neneka ana ing tengahira.”


Mung ana pranatan siji kanggo sira, dadia wong manca utawa wong Israel asli, marga Ingsun iki Yehuwah, Allahira.”


Kanggo wong sapasamuwan ngamungna ana pranatan siji kanggo sira lan kanggo wong bangsa liya kang neneka, dadia pranatan langgeng kanggo sira kabeh nganti saturun-turunira.


Tunggal angger-angger lan tunggal pathokan kang kanggo marang sira kabeh lan wong bangsa liya kang neneka ana ing tengahira.”


Dadia kanggo wong Israel asli utawa kanggo bangsa liya kang neneka ana ing tengahira, mung ana angger-angger siji kang kanggo wong-wong mau, tumrap anane wong kang nglakoni kaluputan tanpa kajarag.


Para leluhur kawula anggenipun sujud wonten ing redi punika, mangka bangsa Paduka criyos bilih panggenanipun tiyang nglampahi sujud punika ing Yerusalem.”


Dadi samangsa Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, wus ngirid lakumu lumebu ing nagara kang kokparani lan bakal kokejegi, kowe kudu ngucapake berkah ana ing gunung Gerizim lan laknat ana ing gunung Ebal.


Wong sabangsa kabeh padha klumpukna, lanang-wadon dalah bocah-bocah, apadene wong bangsa liya kang manggon ana ing antaramu, supaya iku padha krungua, lan padha sinaua wedi-asih marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, sarta kanthi tumemen padha nglakoni sakehe pangandikane angger-anggere Toret iki.


banjur dhawuh marang para wong Lewi kang padha ngusung pethining prasetyane Pangeran Yehuwah, pangandikane:


Sawuse nabi Musa nyerati angger-anggere Toret, iku banjur diparingake marang para imam bani Lewi, kang ngusung pethi prasetyaning Pangeran Yehuwah lan marang sakehe para tuwa-tuwane Israel;


Senapati Yusak banjur nimbali wong Israel kabeh, para tuwa-tuwane, para panggedhene, para hakime lan para tetindhihing wadyabala; iku kabeh padha dipangandikani mangkene: “Aku iki wus tuwa, wus akeh umurku,


Sawuse mangkono Senapati Yusak tumuli nglempakake sakehing talere wong Israel ana ing Sikhem, banjur nimbali para tuwa-tuwane Israel lan para panggedhene, para hakime tuwin para tetindhihing wadyabala. Iku kabeh nuli padha seba marang ing ngarsane Gusti Allah.


Nalika bangsa Israel padha budhal saka ing pakemahan arep nyabrang ing bengawan Yarden, para imam kang ngusung pethi prasetyan lumaku ana ing ngarepe bangsa mau.


lan prentah marang wong sabangsa kabeh, pangucape: “Samangsa kowe padha ndeleng pethi prasetyane Sang Yehuwah, Gusti Allahmu kausung dening para imam, kang pancen saka taler Lewi, tumuli kowe iya padha budhala saka ing panggonanmu ngetutake pethi mau.


Para imam banjur didhawuhi Sang Senapati Yusak, mangkene: “Pethining prasetyan iku usungen banjur padha nyabranga ana ing ngarepe bangsa iku.” Para imam banjur padha ngusung pethi prasetyan sarta lumaku ana ing ngarepe bangsa iku.


Para imam kang padha ngusung pethi mau padha terus ngadeg ana ing satengahing bengawan Yarden, nganti wus rampung kalakon kabeh apa sadhawuhe Pangeran Yehuwah marang Sang Senapati Yusak, kang kudu kaprentahake marang bangsa iku, condhong karo apa saprentahe Nabi Musa marang Sang Yusak.


Bareng para imam kang ngusung pethi prasetyaning Yehuwah wus padha mentas saka ing tengahe bengawan Yarden lan lagi bae tlapakane ngancik ing dharatan, banyune bengawan Yarden banjur bali ing panggonane, sarta mili kaya ing maune ngluberi ing pinggire kabeh.


Senapati Yusak bin Nun tumuli nimbali para imam kang padha didhawuhi mangkene: “Pethine prasetyan usungen lan anaa imam pitu kang padha nggawa kalasangka sungu wedhus pitu kang lumaku ana ing ngarepe pethine Sang Yehuwah.”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan