Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YUSAK 8:31 - Kitab Sutji

31 kaya kang wus didhawuhake dening Nabi Musa, abdine Pangeran Yehuwah marang wong Israel, iya kaya kang wus tinulisan ana ing Kitab Torete Nabi Musa; misbyah iku kang digawe watu wutuhan, kang ora kagepok ing piranti wesi apa bae; wong-wong banjur padha nyaosake kurban obaran marang Pangeran Yehuwah ana ing misbyah kono, sarta padha ngurbanake kurban slametan.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YUSAK 8:31
16 Iomraidhean Croise  

Nanging anak-anake para kang mateni mau ora diukum pati, iku ngetrepi kang katulis ing kitab Torete Nabi Musa, kang mratelakake dhawuhe Pangeran Yehuwah mangkene: “Aja ana bapa kang diukum pati marga saka anake, lan iya aja ana anak kang diukum pati marga saka bapakne, nanging saben wong anggone diukum pati iku marga saka dosane dhewe.”


Imam Agung Hilkia nuli ngandika marang Sang Safan, sekretarise mau: “Kula manggih Kitab Toret punika wonten ing padalemaning Pangeran Yehuwah!” Imam Agung Hilkia nuli maringake kitab iku marang Sang Safan, banjur diwaos.


Nanging anak-anake ora diukum pati, awit Sang Nata nindakake apa kang katulisan ing sajroning Toret, yaiku kitabe Nabi Musa, kang uga isi dhawuhe Pangeran Yehuwah: “Aja ana bapa kang mati marga saka anake, lan uga aja ana anak kang mati marga saka bapakne, nanging saben wong matine kudu marga dosane dhewe.”


Nanging kurbane obaran didhewekake, bakal dipasrahake marang golonganing wong lumrah manut golongane kulawangsane; iku kapisungsungake marang Pangeran Yehuwah kaya kang wus katulisan ana ing kitabe Nabi Musa. Mangkono uga sapi-sapine.


Kejaba iku uga mrenahake para imam ing golongane dhewe-dhewe lan para wong Lewi ing perangane dhewe-dhewe, gegayutan karo anggone padha nglakoni pangibadah marang Gusti Allah kang dedalem ana ing Yerusalem, nyondhongi kang tinulis ing kitabe Nabi Musa.


Ing nalika iku perang-perangane kitabe Nabi Musa kawaca lan karungokake dening rakyat. Ing kitab kono tinemu ana tulisan kang mratelakake, manawa wong Amon lan wong Moab iku ing salawase ora kena lumebu ing pasamuwane Gusti Allah.


Imam Yitro mara-sepuhe Nabi Musa banjur nyaosake kurban obaran lan kurban sembelehan marang Pangeran Yehuwah; Rama Harun lan sakehe para tuwa-tuwane Israel padha kembul dhahar karo mara-sepuhe Nabi Musa ana ing ngarsane Gusti Allah.


Tumuli ndhawuhi wong nom-noman panunggalane bangsa Israel, kang banjur padha nyaosake kurban obaran lan nyembeleh sapi lanang kagawe kurban keslametan sumaos marang Pangeran Yehuwah.


Manawa Iblis nundhung Iblis, iku dadi dredah karo awake dhewe; manawa mangkono krajane bisane lestari kapriye?


Lan samangsa kowe wus padha nyabrang ing bengawan Yarden lumebu ing tanah peparinge Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, marang kowe, nuli kowe ngadegna watu kang gedhe-gedhe sarta laburen,


Sabanjure watu-watu mau padha tulisana sakehe pangandikaning angger-anggere Toret iki, tulisane kang cetha lan terang.”


Sira aja lali ngrembug kitab Toret iki, sira gilut-giluta rina wengi, supaya tumindakira ngati-ati condhong karo kang tinulis ing kitab iku, amarga kanthi patrap mangkono lakunira mesthi bakal lestari sarta sira bakal oleh kabegjan.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan