Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YUSAK 8:3 - Kitab Sutji

3 Senapati Yusak tumuli siyaga dalah sakehe wadyabala, arep nglurug menyang kutha Ai, Sang Yusak milih wong telung puluh ewu, pahlawan-pahlawan kang gagah prakosa, iku padha dilakokake ing wayah bengi;

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YUSAK 8:3
10 Iomraidhean Croise  

Nabi Musa banjur dhawuh marang Yusak: “Aku padha pilihna wong, banjur mapaga perang nglawan wong Amalek; sesuk aku bakal ngadeg ana ing pucake gunung klawan nyekel lantarane Gusti Allah.”


lan padha ora nglegewa nganti tekane banjir kang nyirnakake wong-wong mau kabeh, mangkono uga besuk ing dina rawuhe Putraning Manungsa.


bandarane mau nuli rawuh ing dina kang ora dinyana-nyana lan ing wayah kang ora disumurupi,


Bareng wayah tengah wengi keprungu swara wong alok-alok: Mantene teka! Padha pethuken!


amarga kowe wus padha sumurup dhewe kalawan cetha, yen dina rawuhe Gusti iku tekane kaya maling ing wayah bengi.


Senapati Yusak banjur bidhal saka ing Gilgal, panjenengane lan wadya-bala kabeh, kabeh padha wong prawira lan gagah prakosa.


Kutha Ai dalah saratune iku padha sira patrapana kaya dene kang wus sira trapake marang kutha Yerikho lan ratune, mung barang-barange lan rajakayane iku kena sira jarah. Sira barisa pendhem ana ing pungkurane kutha.”


sarta padha didhawuhi mangkene: “Kawruhana kowe padha barisa pendhem ana ing pungkurane kutha lan nempuh kutha iku, aja nganti kadohan saka ing kutha sarta kabeh padha siyagaa.


Nanging bakal tekane dinaning Gusti iku patrape kaya maling; ing dina iku langit bakal sirna kanthi swara gumuruh nggegirisi sarta dhedhasaring wujuding donya bakal lebur kaobong sarta bumi lan kabeh kang ana ing kono bakal ilang sirna.


Ingkang punika sumangga panjenengan dalem kawula aturi jengkar ing wanci dalu, inggih panjenengan dalem dalah rakyat ingkang ndherekaken panjenengan dalem, saha kawula aturi nyegat wonten ing pategilan.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan