YUSAK 8:29 - Kitab Sutji29 Dene ratu ing Ai iku digantung ing saka, nganti tumeka ing wayah sore. Bareng wayah suruping srengenge, Sang Yusak dhawuh ngudhunake layone saka ing saka mau, banjur dibuwang ing ngarepe gapuraning kutha sarta diadegi tumpukan watu gedhe-gedhe, kang isih lestari nganti tumeka saprene. Faic an caibideil |
Sarehne pinuju dina pacawisan lan supaya ing dina Sabat layon-layon aja kabanjur ana ing kayu salib – sabab dina Sabat iku dina Sabat kang pinunjul – mulane wong-wong Yahudi padha teka sarta duwe panyuwun marang Sang Pilatus supaya wong-wong kang ana ing kayu salib padha karemukana sikile, lan layone kaudhunna.