Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YUSAK 8:28 - Kitab Sutji

28 Kutha Ai banjur diobong dening Sang Yusak, kadadekake gempuran ing salawase, dadi papan kang suwung blung tumeka ing dina iki.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YUSAK 8:28
11 Iomraidhean Croise  

Sira apa ora wus krungu, manawa Ingsun wus nemtokake dina saka ing kadohan lan wus ngrancang bab iku nalika ing jaman kuna-makuna? Saiki iku Sunwujudake, yaiku manawa sira gawe sepi mamringe kutha-kutha beteng sira dadekake tumpukan watu.


Wangsit tumrap Damsyik. Sanyata Damsyik ora bakal lestari dadi kutha, mengko bakal dadi tumpukan jugrugan;


Awit kitha punika sampun Paduka dadosaken tumpukan sela, saha kitha-beteng punika dados jugrugan; purining bangsa manca sampun sanes kitha malih, lan boten badhe kabangun malih ing salaminipun.


Mulane, lah bakal tumeka ing titi-mangsane – mangkono pangandikane Sang Yehuwah, – Ingsun bakal damel anane surak ramening paprangan, nglawan Raba kuthane bani Amon. Kutha iku bakal dadi punthuk kang garing, lan kutha-kutha wewengkone bakal padha diobongi, dene Israel bakal ngebeki wong-wong kang biyen ndarbeni iku – mangkono pangandikane Sang Yehuwah. –


Payo padha nekani saka ing keblat papat, lumbung-lumbunge wengakna, isine tumpuken, undhung-undhungen lan rusaken lan aja nganti ana kekarene sethithik-thithika!


Ingsun bakal damel Yerusalem dadi jugrugan papan pandhelikaning asu ajag. Ingsun bakal damel kutha-kutha Yehuda dadi sepi mamring, ora ana kang manggon maneh.”


Kang iku marga saka sira Sion bakal diwluku kaya pategalan lan Yerusalem bakal dadi jugrugan, sarta gununge Padaleman Suci bakal dadi gunung kang kasasaban ing alas.


Kabeh barang jarahan kaklumpukna ana ing tengah alun-alun, nuli kutha dalah jarahane kabeh obongen nganti entek, minangka kurban obaran kang ganep sumaos marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu. Kabeh iku bakal tetep dadi gempuran ing salawase, aja nganti dibangun maneh.


Barang-barang rayahan mau aja ana kang tumemplek ing tanganmu, supaya mulad-mulading bebendune Sang Yehuwah mendha, lan kowe diparingana piwelas lah sih-mirma, apamaneh ditangkar-tangkarna, kaya kang wus dadi prasetyane kalawan supaos marang para leluhurmu.


Apa maneh Sang Senapati Yusak banjur ngadegake watu rolas ana ing satengahe kali Yarden, ing tilas papan tumapake tlapakane para imam, kang ngusung pethi prasetyan. Watu-watu mau isih tetep ana ing kono nganti tumeka saiki.


Dene ratu ing Ai iku digantung ing saka, nganti tumeka ing wayah sore. Bareng wayah suruping srengenge, Sang Yusak dhawuh ngudhunake layone saka ing saka mau, banjur dibuwang ing ngarepe gapuraning kutha sarta diadegi tumpukan watu gedhe-gedhe, kang isih lestari nganti tumeka saprene.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan