27 Mung rajakaya lan barang-barang isining kutha iku padha dijarah wong Israel, nocogi pangandikane Pangeran Yehuwah kang wus kadhawuhake marang Senapati Yusak.
Ratu-ratu iku tumuli padha budhalan kerig sabalane, cacahe wadya-bala akeh banget, kaya wedhi ing pinggiring sagara, sarta bala jaranan lan kareta perang akeh banget.
Kutha Ai dalah saratune iku padha sira patrapana kaya dene kang wus sira trapake marang kutha Yerikho lan ratune, mung barang-barange lan rajakayane iku kena sira jarah. Sira barisa pendhem ana ing pungkurane kutha.”