Ing nalika iku kita ngrebut sakehe kuthane sarta wong isine saben kutha padha kita tumpes, iya wong lanang, iya wong wadon dalah bocah-bocah, ora ana wonge siji-sijia kang kita karekake;
Ing kono nuli ana dhawuhe Sang Yehuwah marang Senapati Yusak: “Tumbak kang ana ing tanganira iku acungna marang kutha Ai, amarga kutha iku Sunulungake ing tanganira.” Senapati Yusak banjur ngacungake tumbak kang ana ing astane marang ing kutha Ai.