Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YUSAK 8:24 - Kitab Sutji

24 Bareng bangsa Israel wus rampung anggone mateni sakehing wong ing kutha Ai ana ing ara-ara kang ngeblak, – anggone padha ngoyak mrono iku – lan sawuse kabeh padha dipateni kalawan landheping pedhang, nganti tumpes tapis, wong Israel kabeh tumuli padha bali menyang ing kutha Ai lan nggecak kutha iku kalawan landheping pedhang.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YUSAK 8:24
6 Iomraidhean Croise  

Nanging digecak dening wong Israel klawan landheping pedhang, sarta nagarane nuli diejegi, wiwit ing kali Arnon tutug ing kali Yabok, nganti tumeka ing tapel-watese tanahe bani Amon, amarga tapel-watese wilayahe wong bani Amon iku santosa.


Nanging ratu ing Ai nuli dicepeng gesang-gesangan, banjur diladekake marang ing ngarsane Sang Senapati Yusak.


Cacahe wong kang padha kapatenan ing dina iku, lanang wadon ana rolas ewu, kabeh wong ing kutha Ai.


Dadine padha lumayu saka ing ngarepe bala Israel, metu ing dalan kang anjog ing ara-ara samun, nanging padha ora bisa nyingkiri perang, sarta ditempukake kang metu saka ing kutha-kutha kang banjur nyirnakake wong-wong iku ana ing tengahe.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan