Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YUSAK 8:23 - Kitab Sutji

23 Nanging ratu ing Ai nuli dicepeng gesang-gesangan, banjur diladekake marang ing ngarsane Sang Senapati Yusak.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YUSAK 8:23
7 Iomraidhean Croise  

Senapati Yusak banjur diaturi pawarta mangkene: “Ratu gangsal punika sami pinanggih ndhelik wonten ing guwa Makeda.”


Senapati Yusak banjur ngandika: “Cangkeme guwa iku wengakna, lan ratune lima padha gawanen metu saka ing guwa lan ladekna marang aku mrene!”


Apamaneh wong Israel liyane uga padha metu saka kutha melu nggecak wong-wong Ai, temah padha kecepit ana ing satengahe wong Israel, sing iki saka ing kene, sing kae saka ing kana, banjur padha dipateni, nganti wus ora ana siji-sijia kang oncat utawa luwar.


Bareng bangsa Israel wus rampung anggone mateni sakehing wong ing kutha Ai ana ing ara-ara kang ngeblak, – anggone padha ngoyak mrono iku – lan sawuse kabeh padha dipateni kalawan landheping pedhang, nganti tumpes tapis, wong Israel kabeh tumuli padha bali menyang ing kutha Ai lan nggecak kutha iku kalawan landheping pedhang.


Dene ratu ing Ai iku digantung ing saka, nganti tumeka ing wayah sore. Bareng wayah suruping srengenge, Sang Yusak dhawuh ngudhunake layone saka ing saka mau, banjur dibuwang ing ngarepe gapuraning kutha sarta diadegi tumpukan watu gedhe-gedhe, kang isih lestari nganti tumeka saprene.


Si kewan tumuli kacekel, dalah kang ngaku-aku nabi, kang wus nindakake mukjijat ana ing ngarepe, kagawe srana nasarake wong kang wus padha nampani cirine si kewan lan padha sujud marang recane. Sakarone padha kacemplungake ing sagara geni kang murub nganggo welirang urip-uripan.


Sang Prabu Agag, ratu ing Amalek dicepeng isih gesang, nanging balane kabeh padha katumpes klawan landheping pedhang.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan