Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YUSAK 8:22 - Kitab Sutji

22 Apamaneh wong Israel liyane uga padha metu saka kutha melu nggecak wong-wong Ai, temah padha kecepit ana ing satengahe wong Israel, sing iki saka ing kene, sing kae saka ing kana, banjur padha dipateni, nganti wus ora ana siji-sijia kang oncat utawa luwar.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YUSAK 8:22
10 Iomraidhean Croise  

manawa gambirane wong duraka iku ora awet, sarta kasenengane wong kang nyingkur marang Gusti Allah iku mung sadhela?


sarta iku wus padha diulungake dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, marang kowe satemah kena kokgecak nganti kalah, bangsa iku kudu padha koktumpes babar pisan. Aja gawe prajanjian karo bangsa-bangsa iku lan aja kokwelasi.


Manawa wong-wong padha kandha: Saiki tentrem, ora ana bebaya – mangka dumadakan wong-wong padha katempuh ing bilai, kayadene wong wadon kang ngandheg dadakan nglarani – mesthi ora bakal padha bisa ngoncati.


Ing dina iku Senapati Yusak mbedhah kutha Makeda lan digecak klawan landheping pedhang, uga ratune; kuthane dalah wong saisine kutha padha ditumpes, ora ana wong siji-sijia kang bisa oncat lan ratu ing Makeda iku dipatrapi padha kaya kang wus katandukake marang ratu ing kutha Yerikho.


Saisine kutha banjur kalebur kabeh, wong lanang lan wong wadon, bocah lan wong tuwa, dalasan sapi, wedhus lan kuldi, padha katumpes klawan landheping pedhang.


Bareng Sang Yusak lan wong Israel kabeh weruh yen kuthane wus kena karayud dening baris pendhem lan pegane kutha kumelun, tumuli padha minger lan nggecak wong-wong Ai.


Nanging ratu ing Ai nuli dicepeng gesang-gesangan, banjur diladekake marang ing ngarsane Sang Senapati Yusak.


Dene sawise kuthane kokrayut, banjur obongen; kabeh iku padha tindakna ngetrepi dhawuhe Pangeran Yehuwah; gatekna, iku prentahku marang kowe.”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan