Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YUSAK 8:21 - Kitab Sutji

21 Bareng Sang Yusak lan wong Israel kabeh weruh yen kuthane wus kena karayud dening baris pendhem lan pegane kutha kumelun, tumuli padha minger lan nggecak wong-wong Ai.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YUSAK 8:21
4 Iomraidhean Croise  

Bareng Senapati Yoab mirsa, yen mungsuhe mbebayani tumrap panjenengane saka ing ngarep lan saka ing buri, banjur nglumpukake wong Israel kang peng-pengan lan nata gelaring perang adu arep karo bala Aram.


Bareng Prabu Adhoni-Zedhek, ratu ing Yerusalem midhanget pawarta manawa Senapati Yusak wus mbedhah lan nyirnakake kutha Ai, sarta apa kang katandhukake marang kutha Yerikho lan ratune, uga kaetrapake marang kutha Ai lan ratune lan manawa wong ing kutha Gibeon wus padha nganakake prajanjian memitran karo wong Israel lan manggon ana ing satengahe,


Bareng wong ing Ai padha noleh ndeleng, lah pegane kutha kumelun marang ing langit; wong-wong iku wus ora bisa mlayu mrene utawa mrana, amarga bala kang lumayu menyang ara-ara samun padha cengkelak bali nempuh marang kang padha ngoyak.


Apamaneh wong Israel liyane uga padha metu saka kutha melu nggecak wong-wong Ai, temah padha kecepit ana ing satengahe wong Israel, sing iki saka ing kene, sing kae saka ing kana, banjur padha dipateni, nganti wus ora ana siji-sijia kang oncat utawa luwar.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan