Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YUSAK 8:2 - Kitab Sutji

2 Kutha Ai dalah saratune iku padha sira patrapana kaya dene kang wus sira trapake marang kutha Yerikho lan ratune, mung barang-barange lan rajakayane iku kena sira jarah. Sira barisa pendhem ana ing pungkurane kutha.”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YUSAK 8:2
27 Iomraidhean Croise  

Nanging Sang Prabu Yerobeam banjur ngintunake wadya-bala pendhem, kang kadhawuhan lumaku mubeng nganti tekan ing saburine wadya-bala Yehuda, dadine wadya-bala kang baku ana ing ngarepe Yehuda lan bala pendhem ana ing burine.


Bareng padha wiwit surak-surak lan ngrepekake kidung pepujian, Pangeran Yehuwah banjur karya wadya-bala cegatan tumrap bani Amon lan bani Moab, sarta para wong kang saka ing pagunungan Seir, kang padha arep nempuh Yehuda, satemah padha disorake.


Lah dangunipun umur kawula punika sampun Paduka temtokaken namung sawatawis tebah; saha gesang kawula punika kados barang ingkang kothong wonten ing ngarsa Paduka, pancen saben tiyang punika namung satunggaling bab ingkang tanpa gina. (Selah)


Wong becik ninggali warisan marang anak-putune, nanging barang darbeke wong dosa iku dicadhangake kanggo wong bener.


Wong kena dipracaya iku kaluberan berkah, nanging wong kang kepengin enggal sugih, ora bakal luput ing paukuman.


Kayadene ayam-alas kang ngengremi dudu endhoge, mangkono kaanane wong kang ngeruk bandha, kanthi patrap kang ora kalal; nalika nedheng-nedhenge umure, bakal koncatan sakabehe, temah ing wekasaning umure kesuwur dadi wong gemblung.


Acungna tunggul-tunggule marang balowartine Babil, pajagane santosakna! Para wong jaga padha prenahna, nganakna cegatan! Amarga Sang Yehuwah wus ngrantam lan uga bakal nindakake apa kang wus kagem ngancam wong kang manggon ing Babil.


mung raja-kayane bae kita jupuk kanggo kita, kaya dene jarahan saka ing kutha-kutha kang wus padha kita rebut mau.


mung kang wadon lan bocah-bocah; kewane sarta sabarang kang ana ing kutha iku, yaiku jarahane kabeh, iku kena kokepek dhewe, lan jarahan saka mungsuhmu kang wus diparingake dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, iku kena kokpigunakake.


Nanging Sang Yehuwah ngandika marang aku: Sira aja wedi karo wong iku, marga iku bakal Sunulungake marang tanganira, dalah wadya-balane kabeh apadene nagarane, sira tandukana kaya anggonira wus ngetrapi marang Sihon, ratune bangsa Amori kang manggon ing Hesybon.


Bareng Prabu Adhoni-Zedhek, ratu ing Yerusalem midhanget pawarta manawa Senapati Yusak wus mbedhah lan nyirnakake kutha Ai, sarta apa kang katandhukake marang kutha Yerikho lan ratune, uga kaetrapake marang kutha Ai lan ratune lan manawa wong ing kutha Gibeon wus padha nganakake prajanjian memitran karo wong Israel lan manggon ana ing satengahe,


Ing dina iku Senapati Yusak mbedhah kutha Makeda lan digecak klawan landheping pedhang, uga ratune; kuthane dalah wong saisine kutha padha ditumpes, ora ana wong siji-sijia kang bisa oncat lan ratu ing Makeda iku dipatrapi padha kaya kang wus katandukake marang ratu ing kutha Yerikho.


Dene sakehe jarahane kutha iku lan raja-kayane dijarah wong Israel, nanging wonge padha dipateni kabeh klawan landheping pedhang, nganti tumpes tapis. Kang ambekan ora ana kang diuripi.


Saisine kutha banjur kalebur kabeh, wong lanang lan wong wadon, bocah lan wong tuwa, dalasan sapi, wedhus lan kuldi, padha katumpes klawan landheping pedhang.


Sang Senapati Yusak wus mundhut bala watara limang ewu kang padha didhawuhi baris pendhem ana ing antarane kutha Betel lan Ai, ing sakulone kutha.


Ing wayah esuk bareng ratu ing Ai mirsa kang kaya mangkono iku, banjur enggal-enggal miyosi perang karo rakyate kabeh, wong-wong ing kutha kono, sarta banjur nempuh wong Israel ana ing ereng-ereng ing ngarepe lebak; Sang Prabu ora mirsa yen ing burine kutha ana barisane pendhem.


Bareng astane kaacungake baris pendhem mau banjur age-age jumedhul saka ing pandhelikane, mak nyat padha lumayu lumebu ing kutha, kang banjur karebut lan enggal-enggal diobong.


Bareng bangsa Israel wus rampung anggone mateni sakehing wong ing kutha Ai ana ing ara-ara kang ngeblak, – anggone padha ngoyak mrono iku – lan sawuse kabeh padha dipateni kalawan landheping pedhang, nganti tumpes tapis, wong Israel kabeh tumuli padha bali menyang ing kutha Ai lan nggecak kutha iku kalawan landheping pedhang.


Senapati Yusak tumuli siyaga dalah sakehe wadyabala, arep nglurug menyang kutha Ai, Sang Yusak milih wong telung puluh ewu, pahlawan-pahlawan kang gagah prakosa, iku padha dilakokake ing wayah bengi;


kowe tumuli padha menyata saka ing pandhelikanmu, kuthane brokana. Pangeran Yehuwah Gusti Allahmu mesthi bakal ngulungake marang ing tanganmu.


Dene sawise kuthane kokrayut, banjur obongen; kabeh iku padha tindakna ngetrepi dhawuhe Pangeran Yehuwah; gatekna, iku prentahku marang kowe.”


Kaya mangkono dhawuhe Sang Yusak marang wong-wong mau, banjur padha mangkat menyang pandhelikane ana ing antarane kutha Betel lan Ai, ing sakulone kutha Ai. Nanging ing wayah bengi iku Senapati Yusak nyare ana ing satengahe rakyat.


Nanging wong Gibeon bareng padha krungu apa kang katandukake dening Sang Yusak marang Yerikho lan Ai,


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan