Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YUSAK 8:19 - Kitab Sutji

19 Bareng astane kaacungake baris pendhem mau banjur age-age jumedhul saka ing pandhelikane, mak nyat padha lumayu lumebu ing kutha, kang banjur karebut lan enggal-enggal diobong.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YUSAK 8:19
5 Iomraidhean Croise  

Ing kono nuli ana dhawuhe Sang Yehuwah marang Senapati Yusak: “Tumbak kang ana ing tanganira iku acungna marang kutha Ai, amarga kutha iku Sunulungake ing tanganira.” Senapati Yusak banjur ngacungake tumbak kang ana ing astane marang ing kutha Ai.


Kutha Ai dalah saratune iku padha sira patrapana kaya dene kang wus sira trapake marang kutha Yerikho lan ratune, mung barang-barange lan rajakayane iku kena sira jarah. Sira barisa pendhem ana ing pungkurane kutha.”


Bareng wong ing Ai padha noleh ndeleng, lah pegane kutha kumelun marang ing langit; wong-wong iku wus ora bisa mlayu mrene utawa mrana, amarga bala kang lumayu menyang ara-ara samun padha cengkelak bali nempuh marang kang padha ngoyak.


Wong Israel dadine banjur padha mingser saka ing panggonane, nata gelar ana ing Baal-Tamar, dene bala pendhem Israel dumadakan padha metu saka ing papane, yaiku papan blak-blakan ing sacedhake Gibea,


Baris pendhem mau banjur dadakan nempuh marang Gibea. Lakune baris pendhem maju terus nuli nggepuk saisining kutha klawan landheping pedhang.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan