Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YUSAK 8:18 - Kitab Sutji

18 Ing kono nuli ana dhawuhe Sang Yehuwah marang Senapati Yusak: “Tumbak kang ana ing tanganira iku acungna marang kutha Ai, amarga kutha iku Sunulungake ing tanganira.” Senapati Yusak banjur ngacungake tumbak kang ana ing astane marang ing kutha Ai.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YUSAK 8:18
14 Iomraidhean Croise  

awit ngathungake tangane sumedya nglawan marang Gusti Allah, tuwin mbalela marang Kang Mahakuwasa,


Apa sira kang mbisakake mlumpat kaya walang? Panggabere kang nggegirisi medeni.


Dene mungguh sira, angkaten tekenira lan acungna marang ing sadhuwure sagara, piyaken banyune; supaya wong Israel padha lumaku ana ing gasikan ing tengahe sagara.


Pangeran Yehuwah banjur ngandika marang Nabi Musa: “Sira sowana Sang Prabu Pringon lan matura: Pangandikanipun Pangeran Yehuwah makaten: Sira nglilanana umatingSun padha lunga, supaya padha saos pangabekti marang Ingsun,


Sarta dhawuhe Pangeran Yehuwah marang Nabi Musa maneh: “Sira ndhawuhana Harun: Tanganmu karo tekenmu acungna marang bengawan, kalen-kalen lan blumbang, supaya kodhok-kodhok padha metu mratani tanah Mesir.”


Ingsun mesthi bakal nyantosakake tangane raja Babil, nanging tangane Raja Pringon bakal lemes. Ing kono banjur bakal padha sumurup, manawa Ingsun iki Yehuwah, yaiku nalika Ingsun maringake pedhangingSun ing tangane raja ing Babil, kang tumuli kaacungake marang ing tanah Mesir.


Ora ana siji-sijia wong kang keri ana ing Betel lan Ai, kang ora metu ngoyak wong Israel; kuthane ditinggal suwung, amarga wong-wong padha ngoyak wong Israel.


Bareng astane kaacungake baris pendhem mau banjur age-age jumedhul saka ing pandhelikane, mak nyat padha lumayu lumebu ing kutha, kang banjur karebut lan enggal-enggal diobong.


Senapati Yusak tansah ngagagake astane kang ngasta tumbak, nganti sakehe wong kang manggon ing kutha Ai wus padha kasirnakake kabeh.


kowe tumuli padha menyata saka ing pandhelikanmu, kuthane brokana. Pangeran Yehuwah Gusti Allahmu mesthi bakal ngulungake marang ing tanganmu.


Wong Filisti iku sangsaya nyedhak marang Dawud lan wong kang nggawa tameng ana ing ngarepe.


Nanging Dawud celathu marang wong Filisti iku: “Anggonmu mapagake aku kalawan nggawa pedhang lan tumbak sarta tlempak, nanging aku methukake kowe atas asmane Sang Yehuwah Gustining sarwa dumadi Gusti Allahe Israel, kang koktantang iku.


Garese nganggo tebeng tembaga, manggul tumbak tembaga ing pundhake.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan