Sawuse mangkono kang undhiane oleh bani Yusup. Tapel-watese wiwit ing bengawan Yarden ing sacedhake kutha Yerikho, ing sawetane sumber-sumber ing Yerikho, ngancik ing ara-ara samun kang saka Yerikho munggah menyang ing pagunungan, menyang ing Betel.
Watese ing sisih lor wiwit ing bengawan Yarden, nuli munggah ing ereng-ereng gunung salore Yerikho, munggah mangulon menyang ing pagunungan lan ngener menyang ing ara-ara samun Bet-Awen.
Ing wayah esuk bareng ratu ing Ai mirsa kang kaya mangkono iku, banjur enggal-enggal miyosi perang karo rakyate kabeh, wong-wong ing kutha kono, sarta banjur nempuh wong Israel ana ing ereng-ereng ing ngarepe lebak; Sang Prabu ora mirsa yen ing burine kutha ana barisane pendhem.
Wong bani Benyamin padha weruh, yen wus kalah. Dene bala Israel padha rada mundur ana ing sangarepe suku Benyamin – sabab padha ngendelake baris pendhem kang wus pacak baris arep nempuh Gibea –.
Dadine padha lumayu saka ing ngarepe bala Israel, metu ing dalan kang anjog ing ara-ara samun, nanging padha ora bisa nyingkiri perang, sarta ditempukake kang metu saka ing kutha-kutha kang banjur nyirnakake wong-wong iku ana ing tengahe.