Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YUSAK 8:14 - Kitab Sutji

14 Ing wayah esuk bareng ratu ing Ai mirsa kang kaya mangkono iku, banjur enggal-enggal miyosi perang karo rakyate kabeh, wong-wong ing kutha kono, sarta banjur nempuh wong Israel ana ing ereng-ereng ing ngarepe lebak; Sang Prabu ora mirsa yen ing burine kutha ana barisane pendhem.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YUSAK 8:14
15 Iomraidhean Croise  

Awit manungsa ora sumurup marang wektune; kayadene iwak kang kena ing jala kang mbilaeni, lan kayadene manuk kang kena ing kala, iya mangkono iku para anaking manungsa anggone padha kena ing jireting mangsa-kala kang kojur, yaiku manawa padha tinempuh ing bab iku kalawan dadakan.


Para panggedhe ing Zoan iku padha bodho-bodho, para juru pirembage Pringon kang wicaksana dhewe padha nyaosi pamrayoga kang bodho. Kapriye dene sira padha bisa matur marang Pringon: “Kawula punika anakipun para tiyang wicaksana, turunipun para ratu ing jaman kina?”


Para panggedhe ing Zoan tumindake gemblung, para panggedhe ing Memfis wus padha kapusan; para pangareping suku-sukune wus padha mbingungake Mesir.


Durung telas pangandikane Sang Prabu, nuli ana swara kapireng saka ing langit: “Heh Prabu Nebukadnezar, sira kaparingan unninga, manawa karajan wus ngalih saka ing sira;


lan padha ora nglegewa nganti tekane banjir kang nyirnakake wong-wong mau kabeh, mangkono uga besuk ing dina rawuhe Putraning Manungsa.


bandarane mau nuli rawuh ing dina kang ora dinyana-nyana lan ing wayah kang ora disumurupi,


Iki pangandikane kang didhawuhake dening Nabi Musa marang wong Israel kabeh ana ing sabrange bengawan Yarden, ing pasamunan, ing tanah rata Araba-Yordan, penere Suf, ing antarane Paran karo Tofel, Laban, Hazerot lan Di-Zahab.


Dene carane mapagake bala iku mangkene: balane kabeh ana ing salore kutha lan barise pendhem ana ing sakulone kutha. Ing wayah bengi iku Sang Yusak lumampah miyos ing lebak kono.


Sang Senapati Yusak lan wong Israel kabeh nuli api-api kalah ana ing ngarepe bala ing Ai sarta banjur padha mlayu ngener ing ara-ara samun.


Mulane sakehe wong kang ana ing jero kutha padha dikerigake lan padha ngoyak wong Israel; tumuli padha ngoyak Sang Yusak, nganti saya adoh anggone kapancing saka ing kutha.


Dene aku lan sakehe bala kang ndherek aku bakal padha nyedhaki kuthane, nuli samangsa wonge padha metu methukake aku kabeh kaya kang dhingin, aku bakal padha lumayu saka ing ngarepe.


Sarta marga saka srakahe, guru-guru palsu iku bakal padha ngudi golek kauntungan saka kowe kabeh kanthi dongeng-dongenge kang ngayawara.


Baris pendhem mau banjur dadakan nempuh marang Gibea. Lakune baris pendhem maju terus nuli nggepuk saisining kutha klawan landheping pedhang.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan