10 Esuke ing wayah bangun Sang Yusak wungu, nuli mriksa barisaning rakyat, sarta banjur bidhal menyang ing kutha Ai, kadherekake dening para tetuwane Israel, tindake ana ing ngarepe wadyabala.
Esuke umun-umun Rama Abraham wungu, banjur ngabah-ngabahi kuldine, mbekta abdine loro lan kang putra Iskak; sarta nyigari kayu kanggo kurban obaran, banjur bidhal tindak menyang panggonan kang kadhawuhake dening Gusti Allah.
Esuk-esuk Sang Senapati Yusak wus wungu, banjur bidhal saka ing Sitim kadherekake dening wong Israel kabeh. Bareng padha tekan ing bengawan Yarden, sadurunge nyabrang padha nginep ana ing kono.
Uga sakehe wadyabala kang ndherek tindake padha maju terus; padha mangsah ngangseg nganti tekan ing ngarepe kutha, banjur padha lereb ana ing salore kutha Ai, dadi lebake ana ing antarane wong-wong mau lan kutha Ai.
Kaya mangkono dhawuhe Sang Yusak marang wong-wong mau, banjur padha mangkat menyang pandhelikane ana ing antarane kutha Betel lan Ai, ing sakulone kutha Ai. Nanging ing wayah bengi iku Senapati Yusak nyare ana ing satengahe rakyat.