Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YUSAK 7:7 - Kitab Sutji

7 Sang Yusak banjur matur: “Dhuh Gusti kawula Sang Yehuwah, punapaa dene bangsa punika ngantos Paduka dhawuhi nyabrang ing benawi Yarden? punapa supados kawula sami kaulungaken ing tanganipun tiyang Amori, lajeng sami kasirnakaken? Langkung sae manawi kawula sami mutus tetep wonten ing sisih ngrikanipun benawi Yarden punika kemawon!

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YUSAK 7:7
19 Iomraidhean Croise  

Sang Nata ing Israel nuli ngandika: “Adhuh, Pangeran Yehuwah anggone nimbali katelu-telune iki bakal kaulungake marang ing tangane wong Moab!”


Ing sajroning kabingunganku aku ngucap: “Manungsa iku padha dora-cara kabeh.”


ature: “Adhuh, punapaa kula boten sami pejah kemawon dening astaning Pangeran Yehuwah wonten ing tanah Mesir, nalika sami ngadhep kuwali isi daging sarta roti ngantos tuwuk? Awit anggen panjenengan ngirid kula dhateng pasamunan punika, murih kula sapasamuwan punika sami pejah sadaya, margi saking kaliren.”


Nanging sarehne wong-wong padha ngorong, mulane padha nggrundeli marang Nabi Musa, ature: “Kenging punapa kula sami panjenengan angkataken medal saking Mesir, njalari kula, anak-anak lan kewan kula sami pejah kasatan?”


Sarehne Pangeran Yehuwah ora keconggah ngirid lumebu bangsa iku menyang tanah kang wus diprasetyakake klawan supaos, mulane padha ditumpes ana ing pasamunan.


Punapaa dene kula sami dipun bekta dening Pangeran Yehuwah dhateng tanah ngriki supados sami tiwas dening pedhang, saha anak semah kula sami badhe dados tawanan? Punapa boten langkung prayogi kula sami wangsul kemawon dhateng tanah Mesir?”


Gusti Yesus banjur ngandika: “Heh, jinis kang ora duwe pangandel lan kang kablinger, nganti pira lawase anggonKu isih kudu tetunggalan karo kowe kabeh? Nganti pira lawase anggonKu isih kudu tahan ana ing antaramu? Bocahe prenekna!”


Banjur padha kaparingan wangsulan: “Jalaran pracayamu kurang. Sabab satemene pituturKu marang kowe: Saupama kowe duwe pangandel sawiji sawi bae, kowe bisa akon gunung: Sumingkira saka ing kene mrana. Gununge iku mesthi ngalih, sarta ora ana barang kang mokal tumrap kowe.


Sarta apa kowe wus padha lali marang pitutur kang kadhawuhake marang kowe kaya marang para putra: “He anakku, aja nyepelekake panggulawenthahe Gusti Allah, sarta aja padha nglokro manawa kowe dielingake;


Senapati Yusak nuli nyuwek pangagemane sarta sujud sumungkem konjem ing bumi ana ing ngarepe pethining Yehuwah nganti tumeka ing wayah sore, bebarengan karo para tuwa-tuwane Israel, kambi nguwur-nguwuri lebu ing mustakane.


Dhuh Gusti, kawula badhe matur punapa, sasampunipun tiyang Israel keplajeng mengkeraken mengsahipun?


Wong Israel nuli padha mangkat sarta nangis ana ing ngarsane Sang Yehuwah, nganti ing wayah sore, wasana padha neges marang Sang Yehuwah, unjuke: “Punapa kawula sami nempuh perang malih, nglawan sadherek kawula tiyang Benyamin?” Dhawuhe Sang Yehuwah: “Mangsaha nglawan wong-wong iku!”


Nalika wadyabala iku bali menyang pakemahan, para tetuwane Israel padha ngucap: “Yagene Sang Yehuwah kok ndadekake aku padha kagecak kalah dening wong Filisti ing dina iki? Payo padha marani pethi prajanjiane Sang Yehuwah saka ing Silo, supaya Panjenengane rawuh ing tengah-tengah kita lan nguwalake kita saka ing tanganing mungsuh kita.”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan