Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YUSAK 7:6 - Kitab Sutji

6 Senapati Yusak nuli nyuwek pangagemane sarta sujud sumungkem konjem ing bumi ana ing ngarepe pethining Yehuwah nganti tumeka ing wayah sore, bebarengan karo para tuwa-tuwane Israel, kambi nguwur-nguwuri lebu ing mustakane.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YUSAK 7:6
30 Iomraidhean Croise  

Bareng Ruben mbaleni sumur mau, tetela Yusuf wus ora ana ing jero sumur, tumuli nyuwek-nyuwek panganggone.


Rama Yakub banjur nyuwek-nyuwek jubahe, sarta ngagem bagor diubedake ing bangkekane apadene gawe patangisan nganti pirang-pirang dina, marga saka putrane mau.


Senapati Dawud banjur nyuwek-nyuwek pangagemane lan wong kang padha ngadhep ana ing ngarsane iya padha tumindak mengkono.


Karodene padha nangis, anggone padha nangis karo puwasa nganti tumeka suruping srengenge, marga saka Sang Prabu Saul lan Pangeran Yonatan putrane, marga saka umate sang Yehuwah lan bangsa Israel, jalaran padha mati kapupu ing pedhang.


ing dina katelune ana wong panunggalane balane Sang Prabu Saul, panganggone rowak-rawek, lan sirahe kawur-wuran lemah. Bareng tekan ing ngarsane Sang Senapati Dawud, sujud konjem ing bumi sarta nyembah.


Sang Prabu Dawud nyenyuwun marang Gusti Allah kanggo kang putra iku, panjenengane nglampahi siyam kanthi tumemen lan bareng lumebet ing dalem sawengi natas tansah nggluntung ana ing jogan.


Sang Putri Tamar banjur nguwur-uwuri awu ing mastakane, nyuwek rasukane alengen dawa kang endah iku, nyunggi astane lan tindak muwun klawan swara dumeling.


Sang Prabu banjur jumeneng, nyuwek-nyuwek pangagemane lan dhawah gumuling ana ing jogan, tuwin sakehe abdi dalem kang ngadhep, padha nyuwek-nyuwek panganggone.


Bareng Sang Nata wus midhangetake pangandika ing Kitab Toret iku, banjur nyuwek-nyuwek pangagemane.


Bareng Sang Prabu midhanget sabdaning Toret mau, banjur nyuwek-nyuwek pangagemane.


Nalika Imam Ezra ndedonga lan ngakoni lepat klawan muwun lan nggloso ana ing ngarepane padalemaning Allah, ana golongane wong Israel kang luwih dening akeh cacahe kang padha nglumpuk ana ing ngarsane, wong lanang lan wong wadon, dalah bocah-bocah sarta padha nangis kalawan sora.


Ing tanggal patlikur sasi iku uga, wong Israel padha nglumpuk lan puwasa kalawan manganggo sandhangan prihatin sarta sirahe kawur-wuran lemah.


Bareng Pak Mordekhai weruh anane lelakon, banjur nyuwek panganggone, tuwin manganggo bagor sarta awu, nuli metu lumaku ana ing satengahing kutha, kalawan sesambat memelas asih kanthi swara sora.


Ing saben dhaerah kang wus tampa dhawuh undhang-undhange Sang Prabu, wong-wonge Yahudi padha susah banget banjur padha puwasa tuwin nangis sarta sesambat, akeh kang padha turu alemek bagor lan awu.


Ing kono Ayub banjur nyuwek-nyuwek jubahe, cukur rambut sarta sumungkem sujud ing bumi,


Kocapa, nalika ndeleng saka ing kadohan, padha pangling marang Ayub, sarta seru anggone padha nangis; apamaneh padha nyuwek-nyuwek jubahe, tuwin nyawurake lebu mandhuwur, nglarabi sirahe.


Pramila tembung-tembung kawula kawula celed, sarta kalayan nalangsa kawula sumungkem ing lebu tuwin awu.”


Para tuwa-tuwane putri Sion, padha nglosod ana ing lemah, padha nguwur-uwuri awu ing sirahe lan manganggo bagor. Para prawan ing Yerusalem, padha tumungkul konjem ing bumi.


nanging Yusak bin Nun lan Kaleb bin Yefune, panunggalane kang wus padha nelik tanah iku, padha nyuwek sandhangane,


Nabi Musa lan Imam Harun tumuli padha sumungkem sarta matur: “Dhuh Gusti, Allah ingkang mengku rohipun sawarnining tumitah. Tiyang satunggal ingkang damel dosa, punapa inggih Paduka lajeng badhe maringi bebendu dhateng pasamuwan punika sadaya?”


“Sira padha sumingkira saka ing satengahe umat iki, wong-wong iku bakal padha Suntumpes sakedhap netra.” Karone banjur padha sumungkem sujud.


Mireng kang mangkono iku Rasul Barnabas lan Rasul Paulus banjur nyuwek-nyuwek pangagemane lan lumajeng menyang ing satengahing wong akeh iku kambi nguwuh-uwuh:


Sang Yusak banjur matur: “Dhuh Gusti kawula Sang Yehuwah, punapaa dene bangsa punika ngantos Paduka dhawuhi nyabrang ing benawi Yarden? punapa supados kawula sami kaulungaken ing tanganipun tiyang Amori, lajeng sami kasirnakaken? Langkung sae manawi kawula sami mutus tetep wonten ing sisih ngrikanipun benawi Yarden punika kemawon!


Banjur padha nguwur-uwuri lebu ing sirahe, sarta nguwuh-uwuh kalawan nangis lan sesambat pangucape: “Cilaka, cilaka kutha gedhe, kang raja-penine dadi marganing kasugihane sakehe wong kang duwe prau ana ing sagara, awit wis rusak sajrone sajam bae.


Bareng mirsani putrane mau, banjur nyuwek pangagemane sarta ngandika: “Adhuh lae anakku, engger, atiku remuk rempu marga saka kowe, dene kok kowe iku kang nekakake bilai marang aku; lah aku wus duwe ujar marang Sang Yehuwah lan ora kena dakselaki.”


Wong Israel nuli padha mangkat sarta nangis ana ing ngarsane Sang Yehuwah, nganti ing wayah sore, wasana padha neges marang Sang Yehuwah, unjuke: “Punapa kawula sami nempuh perang malih, nglawan sadherek kawula tiyang Benyamin?” Dhawuhe Sang Yehuwah: “Mangsaha nglawan wong-wong iku!”


Wong Israel kabeh, yaiku wong sabangsa kabeh banjur padha mangkat menyang ing Betel, ana ing kono padha nangis ana ing ngarsane Sang Yehuwah, sarta padha puwasa sadina iku nganti ing wayah sore, apadene padha nyaosake kurban obaran lan kurban slametan ana ing ngarsane Sang Yehuwah.


Nalika bangsa iku tumeka ing Betel sarta andher ana ing kono ana ing ngarsane Gusti Allah, nganti tumeka ing wayah sore, tumuli padha ngulukake swarane karo nangis kelara-lara.


Ana sawijining wong saka taler Benyamin kang keplayu saka ing paprangan lan ing dina iku uga tekan ing Silo kalawan nganggo sandhangan rowak-rawek sarta sirahe kawur-wuran lemah.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan