Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YUSAK 7:3 - Kitab Sutji

3 Wong mau banjur padha mangkat, nelik kutha Ai. Sawuse nelik nuli padha bali sowan ing ngarsane Sang Yusak, lan matur: “Ingkang nglurugi boten prelu tiyang sabangsa sadaya, namunga watawis tiyang kalih ewu utawi tigang ewu kemawon, ingkang mangkat mbedhah kutha Ai punika; sampun ngantos damel rekaosipun tiyang sabangsa sadaya, sami kalampahaken mrika, awit ing ngriku tiyangipun namung sakedhik.”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YUSAK 7:3
9 Iomraidhean Croise  

Atine wong kesed iku kebak pepenginan, nanging tanpa guna, balik atine wong sregep iku kaparingan kaluberan.


Wong kesed dipateni dening pepenginane dhewe, marga tangane lumuh nyambut gawe.


Paring wangsulane Gusti Yesus marang wong-wong kang ana ing kono: “Padha mbudidayaa lumebu ing lawang kang ciyut! Sabab Aku pitutur marang kowe: Akeh wong kang ngudi lumebu, nanging ora bisa.


Mulane luwih becik manawa kita mbudi-daya lumebu sajroning palereman iku, supaya aja nganti ana kang tiba amarga nyonto marang pambalela iku uga.


Kacarita Sang Senapati Yusak utusan wong saka ing Yerikho menyang ing Ai, kang kaprenah ana ing sacedhake Bet-Awen, ing sawetane Betel, wong-wong mau padha diweling mangkene: “Padha mangkata mrana, negara iku teliken.”


Mulane kang nglurug mung watara wong telung ewu; nanging iku padha keplayu ana ing ngarepe wong ing Ai.


Mulane para sadulur, tansaha mbudidaya supaya saya kukuh anggonmu katimbalan lan pinilih iku. Jalaran manawa nglakoni mangkono, kowe bakal padha ora tau kasandhung.


Iya marga saka iku kowe padha kudu mempeng anggonmu mbudidaya supaya pracayamu kawuwuhan ing kautaman sarta kautamanmu kawuwuhan ing kawruh,


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan