Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YUSAK 7:26 - Kitab Sutji

26 Sawuse iku ing dhuwure diadegi tumpukan watu gedhe-gedhe kang isih nganti saprene. Mulading bebendune Sang Yehuwah banjur sirep. Mulane panggonan kono katelah lebak Akhor nganti tumeka ing dina iki.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YUSAK 7:26
22 Iomraidhean Croise  

Banjur padha ngudhunake layone Pangeran Absalom lan dicemplungake ana ing luwangan kang gedhe ing alas kono, nuli didegi tumpukan watu kang gedhe banget. Sakehe bala Israel mlayu nggendring mulih marang kemahe sowang-sowangan.


banjur dipetak bareng karo balung-balunge Sang Prabu Saul lan Pangeran Yonatan kang putra ana ing tanah Benyamin, ing Zela, ing pasareane Sang Kisy, kang rama. Wong padha nindakake sakehe dhawuhe Sang Prabu Dawud; dene sawuse iku Gusti Allah nyembadani pandonga tumrap nagara iku.


Lah saiki ingsun kagungan karsa arep nganakake prajanjian karo Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe Israel, supaya bebendune kang mulad-mulad iku sumingkir saka kita.


Kajengipun para pangageng kula kemawon ingkang sami makili sapasamuwan sadaya, dene sakathahipun tiyang ing kitha-kitha ingkang ngrabeni tiyang sanes bangsa punika kajengipun sami kasowanaken ing wekdal-wekdal ingkang sampun katamtokaken, kairid dening para sesepuhipun satunggal-tunggaling kitha saha para hakimipun, ngantos mulad-mulading bebendunipun Allah, margi saking prakawis punika, katebihaken saking kula.”


Sakathahing deduka Paduka sampun Paduka sirep, bebendu Paduka ingkang mulad-mulad sampun Paduka lilihaken.


Punapaa dene tiyang Mesir ngantos sami badhe reraosan: Anggone ngirid wong iku arep digawe sangsara lan arep dipateni ana ing gunung lan bakal ditumpes kasirnakake saka ing bumi? Paduka mugi karsaa nyirep mulad-mulading bebendhu Paduka, saha karsaa nggetuni bab bilai ingkang badhe Paduka dhawahaken dhateng umat Paduka.


atine Yerusalem ayemna sarta nguwuh-uwuha yen pangawulane wus rampung, manawa kaluputane wus kaapura, awit wus kaparingan paukuman dening astane Pangeran Yehuwah tikel ping loro marga saka sakehing dosane.


Saron bakal dadi pangonaning wedhus lan lebak Akhor dadi plegunganing sapi, tumrap umatingSun kang ngupaya Ingsun.


Kawula dipun cemplungaken dhateng luweng gesang-gesangan, sarta dipun banggali sela.


Ing dina iku – mangkono pangandikaning Sang Yehuwah –, Ingsun bakal sira sebut: Kakung kawula, lan Ingsun ora sira sebut maneh: Baal kawula!


Sarta ing dina iku sira bakal Sundamelake prajanjian karo sato-kewan ing ara-ara lan manuk-manuk ing awang-awang, apadene karo sakabehe kewan kang gumremet ana ing bumi. Gandhewa, pedhang sarta pirantining perang bakal padha Sunsirnakake saka ing bumi, tuwin sira bakal Sundamel bisa nglegeyeh kalawan tentrem.


Atimu suweken, aja sandhanganmu, sarta mratobata marang Pangeran Yehuwah Allahmu, dene Panjenengane iku asipat asih lan welasan, gedhe sabare lan luber kamirahane, Panjenengane piduwung ing bab paukuman kang karancang.


Pangeran Yehuwah dadi benter ing panggalih marga saka tanahe, sarta welas-asih marang umate.


Nabi Yunus tumuli diangkat, kacemplungake ing sagara, sagara banjur sirep ora ngamuk maneh.


Panjenengane tumuli nguwuh marang aku: “Sawangen, kang lakune menyang Tanah Lor iku arep nentremake RohingSun ana ing Tanah Lor kono.”


nuli nututi wong Israel mau nganti tekan ing kamar tengah, wong loro mau padha ditumbak wetenge, yaiku wonge Israel lan wonge wadon, wewelak kang nempuh wong Israel tumuli sirep.


Barang-barang rayahan mau aja ana kang tumemplek ing tanganmu, supaya mulad-mulading bebendune Sang Yehuwah mendha, lan kowe diparingana piwelas lah sih-mirma, apamaneh ditangkar-tangkarna, kaya kang wus dadi prasetyane kalawan supaos marang para leluhurmu.


Amarga kanthi patrap kaya mangkono kowe dadine ngestokake dhawuhe Pangeran Yehuwah Gusti Allahmu, lan netepi sakehe pepakene kang dakluntakake marang kowe ing dina iki, sarta nglakoni apa kang bener ana ing paningale Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu.”


Bareng wayah ngarepake suruping srengenge Senapati Yusak dhawuh ngudhunake mayite saka ing kayu mau sarta padha dibuwang ing jero guwa, panggonane ndhelik. Cangkeming guwa mau banjur ditutupi watu gedhe-gedhe, kang isih ana nganti saprene.


Senapati Yusak lan wong Israel kabeh tumuli padha nyekel Akhan bin Zerah sarta selakane, jubahe kang endah lan mase salonjor mau, dalah anake lanang lan wadon, sapine, kuldine lan wedhuse, apadene kemahe lan saduwek-duweke kabeh, banjur digawa menyang ing lebak Akhor.


Dene ratu ing Ai iku digantung ing saka, nganti tumeka ing wayah sore. Bareng wayah suruping srengenge, Sang Yusak dhawuh ngudhunake layone saka ing saka mau, banjur dibuwang ing ngarepe gapuraning kutha sarta diadegi tumpukan watu gedhe-gedhe, kang isih lestari nganti tumeka saprene.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan