Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YUSAK 7:25 - Kitab Sutji

25 Pangandikane Sang Senapati Yusak: “Kayadene anggonmu nekakake bilai marang aku kabeh, mangkono uga Sang Yehuwah ing dina iki uga ndhatengake bilai marang kowe.” Akhan tumuli kabenturan watu dening wong Israel kabeh, banjur diobong ing geni lan dikrutugi watu.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YUSAK 7:25
23 Iomraidhean Croise  

Ing kono Yakub celathu marang Simeon lan Lewi: “Kowe iku padha gawe sangsaraku, marga jenengku kokgawe bacin ana ing nagara kene, ing antarane bangsa Kanaan lan wong Feris, mangka wong-wong kita iki mung sathithik; manawa wong-wong mau padha sabiyantu nglawan kita, mesthi aku bakal padha dikalahake lan ditumpes, iya aku dalah sabrayatku kabeh.”


Kacarita watara telung sasi Yehuda dikabari: “Tamar, putra mantu panjenengan lampah bedhang, malah sampun ngandheg anggenipun bebedhangan punika.” Yehuda banjur ngucap: “Wonge gawanen metu, supaya diobong!”


Turune Rama Karmi yaiku Akhar, kang gawe cilakane wong Israel, amarga ora ngugemi marang dhawuh ing bab barang-barang kang kabengkas.


Kaya mangkono pangalamane saben wong murka ing bab bebathen peteng, kang ngrebut nyawane wong kang ndarbeni.


Sapa kang murka marang kauntungan peteng iku ngisruhake brayate dhewe, nanging kang sengit marang besel iku bakal urip.


Manawa ana wong lanang rabi loro, anak wadon lan biyunge, iku pratingkah rusuh lan nistha. Wong iku dalah somahe karo pisan diobonga, supaya aja ana pratingkah rusuh lan nistha ana ing tengahira.


“Wong Israel padha sira dhawuhana: Saben wong panunggalane Israel utawa bangsa liya kang manggon ana ing antarane Israel, kang ngulungake salah sijine anake marang Molokh, iku kaaukuma pati, dibenturana watu dening para umat.


Dene manawa anake wadon salah sawijining imam nglirwakake kasucene kang dirusak kanthi patrap dadi wanita tuna-susila, iku nerak kasucene bapakne, poma wong iku kaobonga.


“Wong kang wus ngucapake ipat-ipat iku gawanen metu saka ing palereban lan sakehe wong kang krungu padha numpangna tangane ana ing sirahe, sawuse mangkono wong iku dibenturana watu dening wong sapasamuwan.


Becike wong-wong kang padha nggegerake kowe iku padha ngebiria awake pisan bae!


Wonge dibenturana watu nganti mati, marga wus duwe pangangkah arep ndadekake murtadmu saka Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, kang wus ngentasake kowe saka ing tanah Mesir, saka ing omah pangawulan.


Ing kono wong Israel kabeh bakal padha krungu temah padha wedi, temah bakal ora ana wong kang duwe pokal dursila kaya mangkono iku ana ing tengahmu.


wong lanang utawa wadon kang nglakoni duraka iku mau gawanen metu menyang ing gapura; wong lanang utawa wong wadon iku nuli benturana watu nganti mati.


Anak mau tumuli dibenturana watu dening sakehe wong isining kutha nganti mati. Kaya mangkono anggonmu nyingkirake kang ala saka ing tengahmu; lan wong Israel kabeh bakal padha krungu lan padha dadi wedi.”


Jalaran pancen wus sabenere mungguh ing Gusti Allah malesake panganiaya marang wong-wong kang padha nganiaya kowe


Padha diawas aja nganti ana sing ngoncati sih-rahmate Gusti Allah, supaya aja nganti ana oyod pait kang thukul, kang nuwuhake rerusuh sarta kang njemberi wong akeh.


Mung bae kowe padha dingati-ati aja nganti kalepetan, barang kang mligi kadadekake leburan, kowe aja njupuk sawijining barang leburan iku, sawuse kabeh iku padha kokmligekake, supaya ora ndadekake sirna lan bilaine pakemahaning wong Israel.


Lan sing sapa bakal katuding, yen kanggonan barang sengkeran mau, iku kaobonga ing geni, awake dhewe dalah sabarang darbeke kabeh, amarga nerak prasetyane Sang Yehuwah lan nglakoni pangewan-ewan ana ing antarane wong Israel.”


Pangeran Yonatan banjur ngandika: “Kanjeng rama gawe cilakane negara mara delengen, mripatku dadi padhang banget, sabubare aku ngicipi madu sathithik iki.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan