Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YUSAK 7:24 - Kitab Sutji

24 Senapati Yusak lan wong Israel kabeh tumuli padha nyekel Akhan bin Zerah sarta selakane, jubahe kang endah lan mase salonjor mau, dalah anake lanang lan wadon, sapine, kuldine lan wedhuse, apadene kemahe lan saduwek-duweke kabeh, banjur digawa menyang ing lebak Akhor.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YUSAK 7:24
18 Iomraidhean Croise  

Mugi tebiha saking Paduka tindak ingkang kados makaten punika; mejahi tiyang mursid tunggil kaliyan tiyang duraka, temah tiyang mursid kados-kados sami kaliyan tiyang duraka! Ingkang makaten wau mugi tebiha saking Paduka! Punapa Hakiming jagad boten nindakaken kaadilan?”


Raja-brana diuntal nanging banjur diutahake maneh, Gusti Allah kang ngedalake saka ing wetenge.


Sira aja sujud utawa ngabekti marang iku, awitdene Ingsun, Yehuwah Allahira, iki Allah kang sujanan, kang males kaluputane bapa marang anak-putune, turun ping telu lan ping pat tumrap wong kang padha sengit marang Ingsun,


Sapa kang murka marang kauntungan peteng iku ngisruhake brayate dhewe, nanging kang sengit marang besel iku bakal urip.


Lan kasugihan iku sirna marga saka kojure, satemah ora duwe apa-apa kanggo anake.


Saron bakal dadi pangonaning wedhus lan lebak Akhor dadi plegunganing sapi, tumrap umatingSun kang ngupaya Ingsun.


Ing dina iku – mangkono pangandikaning Sang Yehuwah –, Ingsun bakal sira sebut: Kakung kawula, lan Ingsun ora sira sebut maneh: Baal kawula!


Sabanjure wates iku munggah saka ing lebak Akhor marang ing Debir, menggok mangalor ngener ing Gilgal, ing penere unggah-unggahan ing Adumim, sakiduling kali, nuli terus menyang ing sendhang En-Semes lan metu ngener ing sendhang En-Rogel.


Nalika Akhan bin Zerah nglakoni panerak tumrap barang tebusan, rak tumuli ana bebendu kang tumiba ing umate Israel kabeh, tur ora ngemungake wong siji iku bae kang mati marga saka dosane.”


Mung bae kowe padha dingati-ati aja nganti kalepetan, barang kang mligi kadadekake leburan, kowe aja njupuk sawijining barang leburan iku, sawuse kabeh iku padha kokmligekake, supaya ora ndadekake sirna lan bilaine pakemahaning wong Israel.


Saisine kutha banjur kalebur kabeh, wong lanang lan wong wadon, bocah lan wong tuwa, dalasan sapi, wedhus lan kuldi, padha katumpes klawan landheping pedhang.


Nanging wong Israel padha nerak kasetyane, yaiku njupuk barang-barang sengkeran mau, amarga Akhan bin Karmi, bin Zabdi, bin Zerah, saka taler Yehuda, njupuk barang kang kasengker iku. Mulane Pangeran Yehuwah banjur duka marang wong Israel.


Kabeh iku tumuli dijupuki saka ing kemahe, digawa menyang ing ngarsane Sang Yusak lan menyang ing ngareping sakehe wong Israel, banjur disuntak ana ing ngarsane Sang Yehuwah.


Sawuse iku ing dhuwure diadegi tumpukan watu gedhe-gedhe kang isih nganti saprene. Mulading bebendune Sang Yehuwah banjur sirep. Mulane panggonan kono katelah lebak Akhor nganti tumeka ing dina iki.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan