23 Kabeh iku tumuli dijupuki saka ing kemahe, digawa menyang ing ngarsane Sang Yusak lan menyang ing ngareping sakehe wong Israel, banjur disuntak ana ing ngarsane Sang Yehuwah.
Anggen panjenengan nggledhahi barang kula sadaya, punapa panjenengan manggih barang saking dalem panjenengan? Sumangga panjenengan paringaken wonten ing ngajengipun sanak kadang kula lan sanak kadang panjenengan, supados punika sami ngadilana ing antawis kula kaliyan panjenengan.
Senapati Yusak lan wong Israel kabeh tumuli padha nyekel Akhan bin Zerah sarta selakane, jubahe kang endah lan mase salonjor mau, dalah anake lanang lan wadon, sapine, kuldine lan wedhuse, apadene kemahe lan saduwek-duweke kabeh, banjur digawa menyang ing lebak Akhor.