YUSAK 7:21 - Kitab Sutji21 ing antawisipun barang jarahan punika kula tingali wonten jubahipun satunggal ingkang endah, damelan ing Sinear, sarta selaka kalih atus sekel, punapa dene jene salonjor ingkang wawratipun seket sekel; awit saking kepengin kula lajeng kula pendhet; lan barangipun sami kula dhelikaken wonten ing siti ing lebetipun kemah kula, selakanipun wonten ing ngandhap piyambak.” Faic an caibideil |
Bareng wong kang padha lara saraat mau tekan ing pinggiring pakuwon, tumuli padha lumebu ing sawijining tarub lan banjur mangan sarta ngombe. Sawuse mangkono, nuli padha njupuki saka ing kono emas lan selaka tuwin sandhangan banjur lunga ndhelikake barang-barang mau kabeh. Nuli padha bali, lumebu ing tarub liyane sarta uga ngangkati barang-barang saka ing kono, lan sawuse mangkono banjur padha lunga ndhelikake barang-barang mau.
Ing sarehne kowe wus padha ngucap: “Aku wus padha nganakake prajanjian karo pati, lan karo jagading pati aku wus padha nganakake pasarujukan; sanadyan cemethi acethar-cether seru, ora bakal ngenani aku kabeh; amarga si goroh wus padha dakdadekake pangayomanku, sarta aku padha asingidan ana ing doracara,”