Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YUSAK 7:20 - Kitab Sutji

20 Akhan banjur mangsuli marang Senapati Yusak ature: “Saestu, kula damel dosa dhumateng Pangeran Yehuwah, Gusti Allahipun Israel, sabab makaten ingkang kula lampahi:

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YUSAK 7:20
13 Iomraidhean Croise  

Para sadhereke banjur padha rerasanan: “Iki nyata wohing dosa kita marang adhi kita, kita rak padha kelingan ta, nalika sesambat melas-asih marang kita, nanging kita padha ora ngrewes, iya iku nalare kita padha katekan karibedan iki.”


Wong mau nuli bakal nyaritani marang wong-wong liyane adhapur kidung mangkene: Aku wus nglakoni dosa lan kang jejeg wus dakbengkokake, ewadene aku ora kawales.


Manawi kawula damel dosa, Paduka sampun kawula punapakaken, dhuh Allah, ingkang njagi manungsa? Kadospundi dene kawula Paduka dadosaken lesan, ngantos ngrekaos anggen kawula ngrembat badan kawula piyambak?


Awit kawula badhe dhawah jalaran kasandhung, saha kawula tansah karidhu ing sakit.


Sang Prabu Pringon tumuli enggal-enggal nimbali Nabi Musa lan Rama Harun sarta ngandika: “Ingsun wus gawe dosa marang Pangeran Yehuwah Gusti Allahira lan marang sira.


Sang Prabu Pringon banjur utusan nimbali Nabi Musa lan Rama Harun padha dipangandikani: “Sapisan iki Ingsun kaluputan, Pangeran Yehuwah kang leres, nanging ingsun lan para kawulaningsun kang padha luput.


Unjuke Bileam marang Sang Malaekate Pangeran Yehuwah: “Kawula damel dosa, awit kawula boten sumerep bilih Paduka nyegati lampah kawula wonten ing margi punika. Wondene ing sapunika, manawi Paduka boten marengaken, kawula inggih badhe wangsul kemawon.”


Sabab lenga iku kena didol bisa payu larang, lan dhuwite kena didanakake marang wong-wong miskin.”


kalawan matur: “Kula damel dosa, jalaran ngulungaken rahipun tiyang ingkang boten lepat.” Nanging wangsulane wong-wong mau: “Preduli apa, iku prakaramu dhewe!”


Pangandikane Senapati Yusak marang Akhan: “Anakku ngger, saosa urmat marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe Israel lan ngakua ana ing ngarsane; mara matura marang aku apa kang koklakoni, aja selak ana ing ngarepku!”


ing antawisipun barang jarahan punika kula tingali wonten jubahipun satunggal ingkang endah, damelan ing Sinear, sarta selaka kalih atus sekel, punapa dene jene salonjor ingkang wawratipun seket sekel; awit saking kepengin kula lajeng kula pendhet; lan barangipun sami kula dhelikaken wonten ing siti ing lebetipun kemah kula, selakanipun wonten ing ngandhap piyambak.”


Pangandikane Prabu Saul marang Nabi Samuel: “Kula sampun nglampahi dosa, amargi sampun nerak dhawuhipun Sang Yehuwah lan pangandika panjenengan; sarehne kula ajrih dhateng rakyat milanipun kula nuruti panyuwunipun.


Nanging pangandikane Sang Prabu Saul: “Kula sampun nglampahi dosa, nanging panjenengan mugi keparenga ngatingalaken hurmat panjenengan dhumateng kula sapunika wonten ing ngajengipun tiyang Israel, kula aturi wangsul nyarengi kula, kula badhe sujud ngabekti dhumateng Sang Yehuwah, Gusti Allah panjenengan.”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan