YUSAK 7:2 - Kitab Sutji2 Kacarita Sang Senapati Yusak utusan wong saka ing Yerikho menyang ing Ai, kang kaprenah ana ing sacedhake Bet-Awen, ing sawetane Betel, wong-wong mau padha diweling mangkene: “Padha mangkata mrana, negara iku teliken.” Faic an caibideil |
Wong mau banjur padha mangkat, nelik kutha Ai. Sawuse nelik nuli padha bali sowan ing ngarsane Sang Yusak, lan matur: “Ingkang nglurugi boten prelu tiyang sabangsa sadaya, namunga watawis tiyang kalih ewu utawi tigang ewu kemawon, ingkang mangkat mbedhah kutha Ai punika; sampun ngantos damel rekaosipun tiyang sabangsa sadaya, sami kalampahaken mrika, awit ing ngriku tiyangipun namung sakedhik.”