Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YUSAK 7:19 - Kitab Sutji

19 Pangandikane Senapati Yusak marang Akhan: “Anakku ngger, saosa urmat marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe Israel lan ngakua ana ing ngarsane; mara matura marang aku apa kang koklakoni, aja selak ana ing ngarepku!”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YUSAK 7:19
25 Iomraidhean Croise  

Nabi Yesaya matur pitakon maneh: “Punapa kemawon ingkang sampun dipun tingali wonten ing kraton dalem?” Sang Prabu Hizkia mangsuli, pangandikane: “Sadaya ingkang wonten ing kraton kula sampun sami dipun tingali. Boten wonten barang ingkang boten kula tedahaken dhateng tiyang-tiyang punika, ingkang wonten ing pasimpenan kula.”


Sang Prabu Hizkia paring pangalembana marang sakehe wong Lewi kang anggone leladi marang Pangeran Yehuwah kanthi wasis. Kaya mangkono anggone wong-wong padha mangan pangan riyaya ing sajrone pitung dina, kambi saos kurban slametan sarta ngunjukake panuwun marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe para leluhure.


Dosa kawula, kawula lairaken dhumateng Paduka, kalepatan kawula boten kawula aling-alingi; tembung kawula: “Dakngakoni panerakku ana ing ngarsane Sang Yehuwah,” Paduka nunten ngapunten kalepatan kawula margi saking dosa kawula. (Selah)


Dhuh Allah, kawula mugi Paduka welasi awit saking sih-kadarman Paduka, mugi karsaa nglebur dosa kawula awit saking gunging sih-kadarman Paduka.


Sing sapa ndhelikake panerake ora bakal begja, nanging kang ngakoni lan ngunduri iku oleh sih-mirma.


Ingsun bakal damel aranging wong ngungkuli emas tuwa, lan aranging manungsa ngungkuli emas Ofir.


Sang Yehuwah, Gusti Allahmu iku luhurna, sadurunge Panjenengane ndadosake dina dadi peteng, sadurunge sikilmu kesandhung ana ing gunung-gunung, ing wanci repet-repet, ing sajrone kowe ngarep-arep padhang, nanging Panjenengane ndadosake padhang dadi peteng banget, dadi peteng ndhedhet.


Awu nyenyuwun marang Pangeran Yehuwah, Allahku kalawan ngakoni dosaku mangkene: “Dhuh Yehuwah ingkang mahaagung saha nggegirisi, ingkang netepi prajanjian tuwin sih-palimirma dhateng para tiyang ingkang sami tresna dhumateng Paduka sarta netepi pepaken Paduka.


Apa panunggalane iku ora ana kang bali ngluhurake Gusti Allah, kajaba mung wong manca iki?”


Wong kang maune wuta iku banjur diundang kang kaping pindhone, sarta diaturi: “Kowe ngurmatana Allah; aku padha sumurup manawa kae wong dosa.”


Sabab, kalawan ati wong iku anggone pracaya sarta kabenerake, lan kalawan tutuk wong anggone ngakoni pracaya, sarta kapitulungan rahayu.


lan bisa nuntun wong kang seneng madoni kalawan alus, sabab bokmanawa Pangeran paring pamratobat marang wong-wong mau sarta bisa nuntun marang karahayon,


Para wong lanang kang wus tuwa iku padha diwaras ing budi, kajen, wicaksana sarta kadunungan pracaya, katresnan lan budi tumemen kang waras.


jalaran nepsune manungsa iku ora ndadekake kang bener ana ing ngarsane Allah.


Akhan banjur mangsuli marang Senapati Yusak ature: “Saestu, kula damel dosa dhumateng Pangeran Yehuwah, Gusti Allahipun Israel, sabab makaten ingkang kula lampahi:


Temahan wong padha kagosongake dening panasing geni kang banter, banjur padha nyenyamah marang asmaning Allah, kang nguwaosi wewelak-wewelak mau, sarta ora mratobat ngluhurake marang Gusti Allah.


Pangandikane Sang Prabu marang Yonatan: “Matura marang aku apa kang koklakoni.” Pangeran Yonatan nuli matur marang Sang Prabu mangkene: “Pancen, kawula sampun ngicipi raosipun maben sakedhik, ingkang wonten ing pucuking teken ingkang kawula cepeng. Kawula sandika nglampahi paukuman pejah.”


Milanipun kadamelna pepethan wudun-wudun panjenengan tuwin pepethan tikus, ingkang ngrisak pasiten panjenengan, saha ngaturna kurmat panjenengan dhateng Gusti Allahipun Israel. Bokmanawi Panjenenganipun lajeng badhe ngunduraken astanipun ingkang awrat pametekipun punika saking panjenengan, saking allah panjenengan saha saking pasiten panjenengan.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan