Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YUSAK 7:15 - Kitab Sutji

15 Lan sing sapa bakal katuding, yen kanggonan barang sengkeran mau, iku kaobonga ing geni, awake dhewe dalah sabarang darbeke kabeh, amarga nerak prasetyane Sang Yehuwah lan nglakoni pangewan-ewan ana ing antarane wong Israel.”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YUSAK 7:15
11 Iomraidhean Croise  

Nalika iku anak-anake Yakub mulih saka ing ara-ara, bareng krungu prakara iku banget lara atine sarta nepsu banget, marga Sang Sikhem wus nindakake pratingkah nistha tumrape wong Israel, marga ngrodapeksa marang anake wadon Yakub; patrap mangkono iku ora patut.


Punapa malih badhe dhateng pundi anggen kula nyingkiraken kawirangan kula punika? Dene panjenengan punika, panjenengan badhe kagolongaken tiyang gemblung wonten ing Israel. Pramila panjenengan kula aturi matur dhateng Sang Prabu, awit panjenenganipun temtu boten badhe nyukengi kula, temtu karsa maringaken kula dhateng panjenengan.”


Wong Israel wus padha gawe dosa, wus padha nerak prasetyaningSun kang wus Sundhawuhake marang dheweke kabeh, iya iku padha njupuk barang kang sinengker, padha nyolong, banjur didhelikake diworake karo barang darbeke.


Senapati Yusak tumuli wungu wayah bangun esuk, banjur nimbali wong Israel padha kadhawuhan maju miturut talere, dene kang dituding iku taler Yehuda.


Aku padha milih saka sakehing talere Israel iku saben wong satus padha dakjupuk wong sapuluh, saben wong sewu: satus, saben sepuluh ewu wong sewu, iku diwajibake njupukake sangu kanggo wadya-bala iki; sawuse iku padha teka, nuli bisa males marang Gibea-Benyamin kang laras karo sakehe panggawene panyenyamah kang wus dilakoni ana ing satengahe wong Israel.”


Sareng dalu tiyang ing Gibea wau lajeng sami ndhatengi kula lan griya punika dipun kepang sumedya nempuh dhateng kula. Kula punika badhe dipun pejahi, nanging semah kula selir dipun wasesa ngantos dados lan pejahipun.


Sareng makaten mayitipun selir kula wau lajeng kula pendhet, kula tengkel-tengkel sarta kula kintunaken dhateng ing jajahaning tanah-pusakanipun tiyang Israel sadaya, amargi ingkang dipun tindakaken wonten ing satengahipun tiyang Israel punika pratingkah resah saha dados pangewan-ewan.


Sang Prabu Saul banjur ngandika: “Ingsun iki gawe dosa, muliha dhuh putraningsun Dawud, amarga ingsun ora bakal nindakake piala maneh marang sira, awit ing dina iki ana pangemanira marang nyawaningsun; tindak-tandukingsun iku sanyata tanpa budi lan ingsun kesasar babar pisan.”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan