Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YUSAK 7:13 - Kitab Sutji

13 Wis sira ngadega, bangsa iku sucekna lan dhawuhana mangkene: Padha sesucia tumeka ing dina sesuk, amarga pangandikane Pangeran Yehuwah Allahe Israel mangkene: Ing tengahira ana barang sengkeran, he Israel, sira bakal ora bisa tahan ana ing ngarepe mungsuhira sadurunge sira padha nyingkirake barang sengkeran iku saka ing tengahira.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YUSAK 7:13
13 Iomraidhean Croise  

Sawuse mangkono para anake Yakub padha ngrayahi barang-barange kang padha dipateni mau, njarah-rayah kutha kono, awit sadulure dirusuhi.


Dene saiki kowe padha duwe karep sumedya nelukake Yehuda lan Yerusalem arep padha kokdadekake batur tukon lanang lan wadon. Apa kowe dhewe ora duwe kaluputan kang gedhe ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu?


Heh, wong lamis, ilangana dhisik glondhong sing ana ing mripatmu, mengko kowe bakal kanthi pramana anggonmu ngilangi tatal sing ana ing mripate sadulurmu.”


Saupama sadulurmu lanang, anake biyungmu utawa anakmu lanang utawa wadon, utawa somahmu dhewe utawa mitramu, kalawan dhedhemitan mbujuk marang kowe, pangucape: Payo padha ngabekti marang allah liyane, kang padha ora kokwanuhi lan iya ora diwanuhi dening para leluhurmu,


Apadene Sang Senapati Yusak ngandika marang para umat: “Padha sesucia, amarga sesuk Pangeran Yehuwah bakal nindakake kaelokan ana ing tengahmu.”


Mung bae kowe padha dingati-ati aja nganti kalepetan, barang kang mligi kadadekake leburan, kowe aja njupuk sawijining barang leburan iku, sawuse kabeh iku padha kokmligekake, supaya ora ndadekake sirna lan bilaine pakemahaning wong Israel.


Wong Israel wus padha gawe dosa, wus padha nerak prasetyaningSun kang wus Sundhawuhake marang dheweke kabeh, iya iku padha njupuk barang kang sinengker, padha nyolong, banjur didhelikake diworake karo barang darbeke.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan