YUSAK 7:11 - Kitab Sutji11 Wong Israel wus padha gawe dosa, wus padha nerak prasetyaningSun kang wus Sundhawuhake marang dheweke kabeh, iya iku padha njupuk barang kang sinengker, padha nyolong, banjur didhelikake diworake karo barang darbeke. Faic an caibideil |
“Manawa ana wong kang ora setya lan kang ora kalawan kajarag nglakoni dosa ing bab sawijining prakara kang suci kang sumaos marang Pangeran Yehuwah, iku nyaosna marang Sang Yehuwah kang minangka dhendhane arupa wedhus gibas lanang kang tanpa cacad saka ing panthane, kanggo kurban dhendha, diajeni manut sekel salaka, yaiku miturut sekel suci.
Ingsun kang nglampahake wewelak iku, – mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah Gustine sarwa dumadi, – supaya iku lumebu ing omahing maling sarta ing omahe wong kang nglairake sumpah palsu demi asmaningSun, sarta bakal nginep ing omahe kono lan bakal ndadekake rusake, dadia kayune utawa watu-watune.”
menawa kowe padha nerak prajanjian kang wus kadhawuhake dening Sang Yehuwah Gusti Allahmu marang kowe, sarta lunga ngabekti lan sujud marang allah liyane, ing kono bakal mulad-mulad bebendune Sang Yehuwah marang kowe, temah kowe bakal enggal tumpes sirna saka ing nagara kang becik kang wus kaparingake marang kowe.”