Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YUSAK 7:1 - Kitab Sutji

1 Nanging wong Israel padha nerak kasetyane, yaiku njupuk barang-barang sengkeran mau, amarga Akhan bin Karmi, bin Zabdi, bin Zerah, saka taler Yehuda, njupuk barang kang kasengker iku. Mulane Pangeran Yehuwah banjur duka marang wong Israel.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YUSAK 7:1
19 Iomraidhean Croise  

Sawuse mangkono para anake Yakub padha ngrayahi barang-barange kang padha dipateni mau, njarah-rayah kutha kono, awit sadulure dirusuhi.


Bebendune Sang Yehuwah mungkat maneh marang wong Israel. Panjenengane nggosoki Prabu Dawud nglawan wong-wong iku, dhawuhe: “Mara lungaa lan cacahna wong Israel lan wong Yehuda.”


Bareng wis tekan ing gunung, barang-barang mau ditampani Gehazi, disimpen ana ing omah; wong loro kang nggawa tumuli padha dikon bali, karone iya banjur padha bali.


Nanging prakara iki ala ana ing paningaling Sang Yehuwah, mulane wong Israel banjur kagebag dening Gusti Allah.


dadine banjur padha ninggal padalemaning Yehuwah, Gusti Allahe para leluhure, sarta tumuli padha nyembah marang tugu-tugu brahala lan reca-reca brahala. Marga saka kaluputane iku Yehuda lan Yerusalem katiban ing bebendu.


lan aturku: “Dhuh Allah kawula, kawula nandhang wirang saha tampi panajad, ngantos boten wani tumenga dhumateng Paduka, dhuh Allah kawula, amargi dosa kawula tumpuk-undhung ngungkuli sirah kawula saha kalepatan kawula ngantos sundhul ing langit.


Mung wong kang kaya kowe iku kang kapitunan marga saka durakamu lan mung anake manungsa kang oleh kauntungan marga saka kabeneranmu.


Kawicaksanan iku luwih becik tinimbang piranti perang, nanging wong siji kang kleru bisa gawe bubrahe prakara kang becik akeh.


Dhuh Pangeran, Paduka punika ingkang leres, nanging kawula sampun samesthinipun manawi sami wirang kados ing dinten samangke punika, kawula para tiyang Yehuda, para ingkang manggen ing kitha Yerusalem lan tiyang Israel sadaya, ingkang celak saha ingkang tebih, wonten ing sakathahing nagari, ingkang Paduka agem mbucali tiyang-tiyang punika, margi saking anggenipun boten setya dhumateng Paduka.


Nabi Musa banjur ngandika marang Imam Harun lan marang Eleazar lan Itamar, para putrane Imam Harun: “Kowe aja padha sedhih lan aja padha susah, supaya aja padha mati lan wong sapasamuwan kabeh kena ing bebendune Pangeran Yehuwah. Mung para sadulurmu, yaiku wong Israel sabangsa kabeh, iku kang padha nangisa marga saka geni kang diurubake dening Pangeran Yehuwah iku.


Para wong isine prau banjur padha sapocapan mangkene: “Payo padha mbuwang undhi, supaya tetelaa sapa kang njalari kita katempuh ing bilai mangkene iki.” Tumuli iya kelakon mbuwang undhi, lan Nabi Yunus kang kena.


“Pituture umate Sang Yehuwah kabeh mangkene: Kepriye dene kowe padha nglakoni panggawe kang ora setya marang Gusti Allahe Israel, kowe padha ngungkurake Pangeran Yehuwah yaiku anggonmu padha gawe misbyah kanggo kowe dhewe, dadine ing dina iki padha mbalila marang Sang Yehuwah?


ewadene kowe iku saiki kok padha ngungkurake Sang Yehuwah maneh. Menawa ing dina iki kowe padha mbalela marang Sang Yehuwah, sesuk bakal ana bebendu kang tumempuh marang umat Israel kabeh.


Nalika Akhan bin Zerah nglakoni panerak tumrap barang tebusan, rak tumuli ana bebendu kang tumiba ing umate Israel kabeh, tur ora ngemungake wong siji iku bae kang mati marga saka dosane.”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan