Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YUSAK 6:9 - Kitab Sutji

9 Kang padha sikep gegaman lumaku ana ing ngarepe para imam kang ngunekake kalasangka, sarta wadyabala panutup padha lumaku ing saburining pethi, anadene kalasangkane kaunekake terus.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YUSAK 6:9
6 Iomraidhean Croise  

Manawa mangkono pepadhangira bakal mlethek kaya bangbang wetan tuwin tatunira bakal enggal waras; kabeneran bakal dadi baris ana ing ngarepira lan kamulyaning Yehuwah dadi baris ana ing burinira.


Barisan kang buri dhewe golongan kang ngaub marang panji-panjine bani Dhan miturut bagean-bageane, kang mimpin golongan iku: Ahiezer bin Amisyadai,


Nanging Sang Yusak wus dhawuh marang wong kabeh mangkene: “Kowe aja padha surak-surak, malah aja nganti keprungu suwaramu lan aja ana tembung kang kawetu saka ing cangkemmu sanajana mung sakecap, nganti tumeka ing wektune anggonku dhawuh marang kowe: Padha surak-suraka! – kowe banjur padha surak-suraka.”


sarta imam pitu kang nggawa kalasangka sungu wedhus pitu padha lumaku ana ing ngarepe pethine Sang Yehuwah, kambi ngunekake kalasangkane, dene kang asikep gegaman padha lumaku ana ing ngarepe, dene wadya-bala panutup lumaku ing saburine pethine Sang Yehuwah, lan tansah binarengan swaraning kalasangka.


Sawuse Sang Yusak dhawuh mangkono mau, imam pitu kang padha nggawa kalasangka sungu wedhus nuli enggal-enggal lumaku ana ing ngarsaning Yehuwah lan banjur ngunekake kalasangka, dene pethi prasetyane Pangeran Yehuwah ngetutake ana ing burine.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan