Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YUSAK 6:7 - Kitab Sutji

7 Nuli dhawuh marang wong kabeh: “Padha lumakua, kutha iki ubengana dene kang asikep gegaman padha lumakua ana ing ngarepe pethine Sang Yehuwah.”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YUSAK 6:7
5 Iomraidhean Croise  

Wong wadon lan anakmu kang isih cilik ing antaramu apadene raja-kayamu padha kena keri ana ing tanah peparinge Nabi Musa marang kowe ana ing sabrangane bengawan Yarden; nanging kowe, para prawira lan kang gagah prakosa padha nyabranga ana ing ngarepe para sadulurmu kalawan sikep gegaman, iku padha biyantonana,


Bala prajurit kang siyaga ing perang cacahe watara patang puluh ewu, iku padha nyabrang ana ing ngarsane Sang Yehuwah menyang ing tanah ngarene Yerikho, padha arep mangsah perang.


Sira padha ngubengana kutha iku, yaiku sakehe prajurit padha ngubengana kutha iku kaping sapisan bae, iku lakonana nganti nem dina lawase,


Senapati Yusak bin Nun tumuli nimbali para imam kang padha didhawuhi mangkene: “Pethine prasetyan usungen lan anaa imam pitu kang padha nggawa kalasangka sungu wedhus pitu kang lumaku ana ing ngarepe pethine Sang Yehuwah.”


Sawuse Sang Yusak dhawuh mangkono mau, imam pitu kang padha nggawa kalasangka sungu wedhus nuli enggal-enggal lumaku ana ing ngarsaning Yehuwah lan banjur ngunekake kalasangka, dene pethi prasetyane Pangeran Yehuwah ngetutake ana ing burine.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan