YUSAK 6:6 - Kitab Sutji6 Senapati Yusak bin Nun tumuli nimbali para imam kang padha didhawuhi mangkene: “Pethine prasetyan usungen lan anaa imam pitu kang padha nggawa kalasangka sungu wedhus pitu kang lumaku ana ing ngarepe pethine Sang Yehuwah.” Faic an caibideil |
sarta imam pitu kang nggawa kalasangka sungu wedhus pitu padha lumaku ana ing ngarepe pethine Sang Yehuwah, kambi ngunekake kalasangkane, dene kang asikep gegaman padha lumaku ana ing ngarepe, dene wadya-bala panutup lumaku ing saburine pethine Sang Yehuwah, lan tansah binarengan swaraning kalasangka.
Nalika wadyabala iku bali menyang pakemahan, para tetuwane Israel padha ngucap: “Yagene Sang Yehuwah kok ndadekake aku padha kagecak kalah dening wong Filisti ing dina iki? Payo padha marani pethi prajanjiane Sang Yehuwah saka ing Silo, supaya Panjenengane rawuh ing tengah-tengah kita lan nguwalake kita saka ing tanganing mungsuh kita.”