Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YUSAK 6:5 - Kitab Sutji

5 Dene samangsa ana tengara kalasangka sungu wedhus muni melung, nalika sira padha krungu tengara kalasangka iku, wong kabeh nuli padha surak-suraka kang sora, sanalika balowartine kutha iku bakal jugrug, wong sabangsa banjur padha munggaha, saben wong lumakua manut ing enere dhewe-dhewe.”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YUSAK 6:5
17 Iomraidhean Croise  

Swarane kalasangka saya suwe saya banter. Nabi Musa banjur munjuk, sarta Gusti Allah paring wangsulan saka ing sajroning gludhug.


Uwat-uwating tembokmu kang dhuwur bakal kaebrukake lan karubuhake, sarta kaglimpangake ing lemah lan lebu.


Saben gunung kang dhuwur lan saben tengger kang munggul bakal ana kali-kaline kang mili, yaiku ing dina patumpesan kang gedhe, samangsa menara-menara padha rubuh.


Padha nempuha kambi surak-surak saka ing keblat papat! Wonge wis asrah bongkokan, saka-sakane wis rubuh, pager-pagere wis ambruk! Lah iku piwalese Sang Yehuwah. Tibakna piwalesira. Tandukna kayadene kang ditandukake!


Marga saka pracaya baluwartine kutha Yerikho padha jugrug, sawise diubengi pitung dina lawase.


Nalika kaping pitune, bareng para imam ngunekake kalasangka, Senapati Yusak banjur dhawuh marang wong kabeh: “Padha surak-suraka, amarga Pangeran Yehuwah wus maringake kutha iki marang kowe!


Wong kabeh tumuli padha surak-surak binarung swarane kalasangka mau; sawuse wong sabangsa kabeh krungu swaraning kalasangka, banjur padha surak-surak kalawan sora. Dumadakan balowartine jugrug, lan wong kabeh tumuli padha munggah ing kutha, siji-sijine lumaku ngenut enere dhewe-dhewe lan ngrebut kutha mau.


lan anaa imam pitu kang nggawa kalasangka sungu wedhus pitu kang lumaku ana ing ngarepe pethi. Nanging ing dina kang kapitu anggonira padha ngubengi kutha iku kudu kaping pitu sarta para imam mau banjur padha ngunekna kalasangkane.


Senapati Yusak bin Nun tumuli nimbali para imam kang padha didhawuhi mangkene: “Pethine prasetyan usungen lan anaa imam pitu kang padha nggawa kalasangka sungu wedhus pitu kang lumaku ana ing ngarepe pethine Sang Yehuwah.”


Baris pendhem mau banjur dadakan nempuh marang Gibea. Lakune baris pendhem maju terus nuli nggepuk saisining kutha klawan landheping pedhang.


Ing wayah esuk umun-umun Dawud wis tangi, masrahake wedhus-wedhuse marang wong jaga, mikul gegawane lan banjur mangkat kaya kang kaprentahake dening Isai. Tekane ing pakemahan pinuju wadya-bala lagi budhal lan nata pabarisan sarta padha surak rame alok-alok perang.


Wong Israel lan wong Yehuda padha gumregah karo surak-surak lan banjur mbujeng wong Filisti nganti tekan ing sacedhake Gat lan gapurane Ekron. Lan wong kang padha dipateni saka panunggalane bangsa Filisti pating glimpang ana ing dalan kang anjog ing Saaraim, tekan ing Gat lan ing Ekron.


Satekane pethi prajanjiane Sang Yehuwah ana ing pakemahan, sakehing wong Israel padha surak-surak seru, nganti ngoregake bumi.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan