Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YUSAK 6:4 - Kitab Sutji

4 lan anaa imam pitu kang nggawa kalasangka sungu wedhus pitu kang lumaku ana ing ngarepe pethi. Nanging ing dina kang kapitu anggonira padha ngubengi kutha iku kudu kaping pitu sarta para imam mau banjur padha ngunekna kalasangkane.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YUSAK 6:4
33 Iomraidhean Croise  

Gusti Allah tumuli mberkahi dina kapitu iku lan disucekake, marga ing dina iku kendel anggone karya samubarang kabeh kang wus katitahake mau.


Sawuse iku nuli ngandika marang abdine: “Munggaha, ndelenga ing sagara.” Abdine mau banjur munggah, ngungak banjur matur: “Boten wonten punapa-punapa.” Pangandikane Nabi Elia: “Mangkata maneh.” Mangkono nganti rambah kaping pitu.


Nabi Elisa tumuli utusan wong kadhawuhan matur marang panjenengane: “Panjenengan dalem kaaturan siram kaping pitu wonten ing benawi Yarden, temah sarira dalem badhe pulih sarta panjenengan dalem badhe dados resik.”


Ing kono panjenengane tumuli mandhap lan slulup kaping pitu ana ing bengawan Yarden netepi ature abdining Allah mau, wasana sarirane banjur pulih maneh kaya awake bocah cilik, sarta wus dadi resik.


Lah aku padha katuntun dening Gusti Allah, dene para imame padha siyaga arep ngunekake tengara panempuhing perang nglawan kowe kabeh kanthi kalasangka. He wong Israel, kowe aja padha perang nglawan marang Sang Yehuwah, Gusti Allahe para leluhurmu kabeh, awit kowe ora bakal padha oleh gawe!”


Ing sajroning peperangan iki sira ora usah padha perang. He Yehuda lan Yerusalem, padha ngadega bae ana ing papanira, lan padha ndelenga kepriye anggone Pangeran Yehuwah paring kaunggulan marang sira. Sesuk sira padha mapagna wong-wong iku, Pangeran Yehuwah bakal nunggil kalawan sira kabeh.”


Wong Lewi saka bani Kehat lan bani Korakh banjur padha ngadeg lan ngrepekake kidung pamuji kagem Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe Israel kalawan swara kang seru banget.


Bareng wus mundhut pamrayogane rakyat, Sang Prabu banjur ngangkat wong kang bakal padha ngrepekake kekidungan kagem Pangeran Yehuwah sarta memuji marang Pangeran Yehuwah kalawan nganggo sandhangan suci kang mencorong, nalika padha lumaku ana ing ngarepe wong kang padha sikep gegaman, kalawan celathu: “Padha ngrepekna kidung panuwun kagem Sang Yehuwah awit sih-susetyane iku langgeng ing salawase!”


Mulane saiki sira padha njupuka sapi lanang nom pitu lan wedhus gembel lanang iya pitu, nuli maranana abdiningSun Ayub, padha nyaosna kurban obaran, tuwin Ayub abdiningSun nyaosna pandonga tumrap sira, awit mung pandongane kang bakal Suntrimah, supaya sira ora padha Sunaniaya, amarga katranganira tumrap Ingsun ora bener kaya abdiningSun Ayub.”


Ing nalika iku kasalangka kang gedhe bakal diunekake, lan kang ilang ana ing tanah Asyur bakal padha teka mangkono uga kang kabuwang menyang ing tanah Mesir prelu padha sujud nyembah marang Pangeran Yehuwah ana ing gunung kang suci, ing Yerusalem.


imam banjur nyelupna drijine kang tengen ing lenga kang ana ing epek-epeke kiwa iku sarta ngepyurna lengane klawan drijine rambah kaping pitu ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah.


sarta imam mau banjur nyelupna drijine ing getih iku, sarta diepyurna rambah ping pitu ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah ing sangarepe geber pasucen.


Pangandikane marang aku: “Kowe ndeleng apa?” Atur wangsulanku: “Kula ningali padamaran mas bleg, wadhahipun lisah wonten ing perangan nginggil; padamaran punika wonten damaripun pitu, kaliyan malih ing nginggilipun damar satunggal-tunggalipun wonten torongipun pitu;


Panjenengane banjur pratela: “Iki pangandikane Pangeran Yehuwah marang Zerubabel: ora srana kasantosan lan ora srana kakuwatan, nanging marga dening rohingSun. – Mangkono pangandikane Sang Yehuwah Gustine sarwa dumadi. –


Bileam banjur matur marang rang Sang Prabu Balak: “Sumangga wonten ing ngriki kawula panjenengan dalem damelaken misbyah pitu, sarta kawula ugi panjenengan dalem cawisi lembu jaler nem pitu saha menda gibas jaler inggih pitu.”


sarta imam pitu kang nggawa kalasangka sungu wedhus pitu padha lumaku ana ing ngarepe pethine Sang Yehuwah, kambi ngunekake kalasangkane, dene kang asikep gegaman padha lumaku ana ing ngarepe, dene wadya-bala panutup lumaku ing saburine pethine Sang Yehuwah, lan tansah binarengan swaraning kalasangka.


Sira padha ngubengana kutha iku, yaiku sakehe prajurit padha ngubengana kutha iku kaping sapisan bae, iku lakonana nganti nem dina lawase,


Dene samangsa ana tengara kalasangka sungu wedhus muni melung, nalika sira padha krungu tengara kalasangka iku, wong kabeh nuli padha surak-suraka kang sora, sanalika balowartine kutha iku bakal jugrug, wong sabangsa banjur padha munggaha, saben wong lumakua manut ing enere dhewe-dhewe.”


Mungguh wadine lintang pitu kang sira deleng ana ing astaningSun tengen lan padamaran mas pitu iku mangkene: Lintang pitu iku malaekate pasamuwan pitu lan padamaran mas pitu iku pasamuwan pepitu.”


Saka Yokanan marang pasamuwan pepitu kang ana ing tanah Asia-Cilik: Sih-rahmat lan tentrem-rahayu anaa ing kowe kabeh, saka Panjenengane, kang ana lan kang wus ana sarta kang bakal rawuh, apadene saka roh pepitu kang padha ana sangareping dhampar,


Malaekat mau nguwuh kalawan swara seru kaya panggeroning singa. Sawuse iku nguwuh, ngludhug pitu banjur padha nyuwara.


Aku tumuli weruh pratandha liyane kang gedhe lan elok ana ing langit: ana malaekat pitu padha mbekta wewelak pitu kang wekasan, awit iku kang dadi pantoging bebenduning Allah.


Makluk siji ing antarane makluk papat mau tumuli ngulungake bokor mas pitu marang malaekat pitu mau, kabeh kebak isi bebenduning Allah kang gesang langgeng ing salawas-lawase.


Aku tumuli krungu swara seru saka ing Padaleman Suci dhawuh marang malaekat pitu mau mangkene: “Padha lungaa, bokor pitu kang isi bebenduning Allah iku padha suntakana ing bumi.”


Aku tumuli sumurup kitab gulungan ana ing astane tengen kang lenggah ing dhampar mau, kang katulisan ing jero lan ing jaba lan disegel nganggo segel pitu.


Aku banjur sumurup ing satengahe dhampar lan makluk papat iku tuwin ing satengahe para pinituwa mau ana Cempe jumeneng katone kaya wus kasembeleh, singate pitu lan tingale pitu: yaiku Rohe Allah pepitu kang kautus menyang ing salumahing bumi.


Tumuli aku weruh malaekat pitu kang ngadhep ana ing ngarsaning Allah, padha kaparingan kalasangka pitu.


Malaekat pitu kang ngasta kalasangka pitu mau banjur padha tata-tata arep ngungelake kalasangkane.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan